Elingo jenengsiro putraningsun asaliro ono iki soko manunggaling roso sejati, duk naliko manunggaling bopo lan ibuniro, sakarone manunggal sawiji, rangkul-rinangkul, tan purun pisah jaji, lamun roso sakarone durung midjil, lha iku ananiro ing madyo, podo marmo jenengsiro ojo wani-wani marang wong tuwoniro, yektine kang anjangkung klawan dadio pepayungiro sinebut payung tunggal jati.

Selasa, 17 Juli 2012

DAWUH ROMO

Opo kang ginayuh luput? opo kang diranggeh keliwat? opo kang dijangko cupet? opo kang disaut mrucut? amergo roso ora gemolong, kurang idep, madep, mantep. Supoyo ora ketamon roso was sumelang, tujuan kuwi kudu ceto disik, karso kudu gembleng disik. Karso dewe tumrape manungso, kuwi lakune angen-angen, mulo angen-angen kuwi tansah owah gingsir, yo kuwi ndadekake was sumelang,
mangertiyo jeneng siro karso kang ora owah gingsir kuwi tentrem.

Dawuhe Romo
Asmo, midjil kuwi sabdane Romo, tegese lungguhe. Sabdo kuwi pasti, dawuh kuwi nemtokake, pangandiko kuwi andaran. Bedane sabdo, dawuh, pangandiko, yen sabdo kuwi obah, dawuh kuwi roso, pangandiko kuwi lakune, dadi kuwoso, lungguhe, lakune. Krenteg. budi, ono. Ono, budine, krenteg.

Pangolah
Kuwi tegese dirasakake, dadi iki laku mlebu, tembung pangolah iku bedo karo tembung angolah, yen angolah iku tegese njupuk bumbu soko njobo dene yen pangolah njupuk bumbu soko kahanane dewe, dadi ora kecampuran bahan soko njobo, mulo pangolah kuwi laku mlebu, gulung lakune yo kuwi ngrasakake, dirasak-rasakake dewe pangolahiro midjil nggembleng karo urip. Urip kuwi tentrem
tentreming tentrem, dadi tegese pangolahiro midjil kuwi laku tentrem.

Pangrenggo
Cegah dahar lawan guling kuwi pangrenggo, soko tembung renggo, dijogo, diugemi, dirumat. Cegah dahar lawan guling kuwi ora ateges banjur ngurangi dahar lan sare, nanging malah kudu dahar sing akeh lan sare kang kepenak, tegese cegah dahar lan sare kuwi angurangi ubale poncodriyo, angurangi angen-angen, mripat, kuping, irung lan cangkem. Murih opo to? murih tentrem, amergo poncodriyo kuwi marakake ora tentrem, dadi dudu ateges poso, awit poso kuwi malah mbuktekake
yen isih gede angen-angene, ateges ora nerimakake kahanan.

Ojo cawe-cawe
Ojo cawe mring liyan kuwi laku tentrem, amergo roso kuwi ora biso diwakilake, dadi gampangane koyo dene wong merem, mulo yen nyumurupi utowo weruh tumindak kang nerak katentreman ojo dirasakake, dene yen nyumurupi kadang tumindak nerak angger-angger katentreman kuwi Romo dawuh "siji lan sijine wis diparingi pangolah lan pangrenggo, dadi ora perlu dirasakake lan ngrasakake, amergo ukuran ketentreman angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo isih owah gingsir, dadi durung bener". Dene tumrape tetulung mring liyan kuwi yen diminto, ugo keno tetulung amergo kuwi ateges laku gawe ketentreman, gawe ketentreman kuwi lungguhe welas asih. Waton tumuju marang laku gawe ketentreman iku lungguhe ojo cawe-cawe, dene yen rosoniro obah banjur kudu tetulung kuwi sing diarani mulung, bab angger-angger ojo cawe-cawe mring liyan iki Romo ora milah-milahake antarane laku lan lungguhe, awit dasare mung tentrem, dene lungguhe angger-angger kuwi mau ono ing roso.

Angger-angger
Angger-angger kuwi tegese panyapih, ojo cawe-cawe mring liyan, awit murih tentrem, murih bener, kabeh gelar lan gulung kuwi lungguhe ing roso, teko lan baline ing roso, tumindake bener lan luput lungguhe yo ing roso, rogo sak benere wis yo wis diweruhi kroso, tegese wis kroso mring sabarang tumindak kang arep luput lan bener rogo wis diweruhi weruh dening roso, endi kang luput lan bener, rogo wis diweruhi kroso endi kang keno lan endi kang ora keno, sadurunge budi pekerti tumindak, dene yen rogo wis diweruhi kroso bakale luput, mongko kok isih ditindakake, kuwi tegese kurang toto titi, mulo sabarang tumindak kudu midjil, tegese urip wis kerso ngagem kawicaksanan, nanging yen nganti banjur tumindak mengkono, ono wohing tumindak luput mau mulo banjur kudu sabar narimo ikhlas kanti ngalah, dene tumindak luput mau tumrap roso tetep, mulo bisane nyuwun pangapuro, dene yen wis moco kunci, tumindak luput wis diapuro, tumindak budi pekerti yo kudu nyuwun pangapuro, yen wis ono roso gelem ngakoni luput, tumindak budi pekerti yo kudu gelem ngakoni luput, yen rogo gelem sakepti karo roso, banjur bener temahan tentrem.

Waspodo ing samubarang tumindak
Waspodo kuwi laku toto, titi, titis lan surti ngati-ati, awit kuwi tumuju marang tentrem, samubarang tumindak kuwi angen-angen, dadi wong melek, mulo angen-angen wong melek mau durung mesti yen luput, waton budi pekerti durung tumindak, awit ono angen-angen lumaku nanging budi pekerti ora tumindak, yo kuwi angen-angen kang anggulung, melek nanging ora weruh, nganti disopo wong ora ngrasakake krungu, panggondo ora makarti, malah kadang mangan nganti ora rumongso ngrasakake mangan, kahanan kang mengkono kuwi keno sinebit ngelamun, amergo kuwi lagi neng, dene kang ngajak kuwi urip, dene wigatine rogo biso laku tentrem, biso meneng mbuktekake yen tentrem kuwi ono, bedane ning lan neng, ning kuwi lakune yen neng kuwi lungguhe, dadi laku lan lungguhe angen-angen tumuju marang tentrem.

Surti ngati-ati
Kuwi tegese laku ngukuhi tentrem ora gelem di obahake roso angen-angen, amergo angen-angenn kuwi ngloropake, soyo gede angen-angene manungso soyo gede panglorope angen-angen, bedane roso angen-angen lan roso tentrem kuwi, yen roso angen-angen kuwi arso gelar, kuwi ngloropake, angen-angen kang anggulung kuwi kang tumuju marang tentrem, roso tentrem tegese ora ono opo-opo, yen ono opo-opo kuwi lakune angen-angen arep gelar, dene gelare kuwi mau tumrap marang budi pekerti lan poncodriyo.

Gemi nastiti
Laku gemi nastiti kuwi tegese biso ngrekso, gemi nastiti tegese rekso-rumekso, dene kang direkso yo kuwi roso tentrem lan kang rumekso yo roso tentrem, laku gemi nastiti kuwi biso ngrekso, tegese mulung dadi gelem, gelem nipisake obahe roso angen-angen, iku jeneng gelem tentrem, emoh marang roso angen-angen kang marakake dadi laku marsudi marang kahanan dewe, nyudho roso cawe-cawe mring liyan.

Idep, madep, mantep, tetep
Idep kuwi tekad, madep kuwi lungguh (sipat), mantep kuwi temenan, tetep kuwi ora owah gingsir, dene lakune tekad ora was sumelang, dadi idep kuwi laku ora sumelang, yen lakune madep kuwi kenceng, pratitis, lakune temenan kanti nyoyo babar pisan, yen lakune tetep kuwi mbudek, mbisu, micek.

Toto titi titis
Kuwi lungguhe ing roso, kuwi lakune laku, yo kuwi laku gelar lan gulunge roso tentrem, mulo sejatine toto, titi, titis kuwi lakune roso, dadi obahe sir, dat, sipat, kuwi roso arep gelar lan gulung, kroso, rumongso, ngrasakake. Toto, titi, titis kuwi dudu lakune karso, kuwi lakune angen-angen, yen toto, titi, titis kuwi lakune roso arep anggembleng banjur lungguh.

Jujur temen temenan
Laku jujur kuwi ora gelar lan gulung, dadi jujur marang rosoniro dewe, lungguhe jujur marang urip, jujur marang Moho Suci, jujur marang roso, dene jujur kuwi lungguh ono ing roso, mulo jujur kuwi lakune kunci, laku kenceng mring kunci, laku jujur lan yekti jujur. Bedane temen lan temenan, yen temen kuwi tumuju marang njero, yen temenan kuwi tumuju marang njobo, yen temen-temenan kuwi lakune budi pekerti, ngestoake dadi satriyo/wanito sejati, sejatine satriyo/wanito, tegese kudu wani dadi wadahe kunci, dadi laku anggembleng laku nyawiji, mulo putro kudu temen-temenan, lungguhe roso timbal balik obah angobahi, kroso ngrasakake entuk roso menehi roso, laku kono kene, laku podo-podo.

Tumindake rogo
Tumindake rogo kudu sabar, narimo, ikhlas kanti ngalah kuwi tegese laku mulung, tumindak kanti mengkono kuwi mau tumrap putro, ateges laku manunggal, supoyo entuk roso, yo kuwi roso tentrem, dene rogo kudu laku sabar, narimo, ikhlas kanti ngalah amergo dadi wadahe urip, mongko urip kuwi sabar sabaring sabar, narimo narimaning narimo, ekhlas ekhlasing ekhlas, ngalah ngalahing ngalah, murih rogo tansah biso anindakake laku kuwi mau, patrape kudu tansah eling. Rogo anggone tansah kudu laku mengkono mau salawase ono, dadi tanpo wates ateges nganti bali, mulo carane rogo kudu tansah dilelatih soko setitik-setitik. Angayomi tegese rekso rinekso, welas lan asih kuwi lakune urip, yo roso welas lan asih, lakune opo? yo kuwi sir, dat, sipat, kroso, rumongso, ngrasakake, dadi lakune gelar lan gulung. Welas lan asih kuwi sugih pangapuro, antarane welas lan asih kuwi laku lan lungguhe, dene yen welas lan asih kuwi tegese eling, ukuran welas lan asih kuwi ing roso, welas lan asih tumrap rogo yo kuwi laku anggembleng, amergo urip kuwi welas welasing welas, asih asihing asih, buktine langgeng tan owah gingsir.

Iki dudu agomo
Agomo kuwi dalan, laku ageman, kuwi lakune wong melek dadi lakune budi pekerti, tumindake soko angen-angen, mulo lungguhe roso pangroso dadirumongso ngrumangsani. Buktine yen agomo kuwi lakune wong melek, yen turu ninggal agomo amergo angen-angen ginulung roso, iki dudu agomo tegese iki dudu mung karep bener naging bener benering bener awit buktine kroso temenan.

Iki dudu kebathinan
Kebathinan kuwi tegese ngumpulake, dadi laku karep utowo sir, kebathinan lan agomo kuwi loro-lorone lakune wong melek. Agomo nuduhake dalan, kebathinan ngumpulake ono, ono ing kene tegese sakwise weruh dadi isih roso pangroso, iki dudu kebathinan tegese wis dudu laku maneh nanging nyoto-nyoto wis tekan manunggal, gembleng nganti midjil, mulo Romo dawuh cegah dahar lawan guling iku panggrengane, tegese wengkune.

Iki dudu partai
Partai kuwi tegese anggep-anggepan, mulo roso kuwi dudu anggep-anggepan, anggep-anggepan kuwi roso rogo awit rogo rumongso bener.

Iki dudu golongan
Roso dudu golongan, roso ora misah-misahake utowo anggolong-golongake, roso kuwi mratani sak kojur badan urip, kuwi mratani ing saindenge jagad royo. Golongan utowo anggolongake kuwi pekertine poncodriyo, tegese golongan lan
anggolongake kuwi misah-misahake, dadi lakune roso rumongso.

Iki dudu organisasi
Organisasi kuwi susunan, iki dudu organisasi tegese roso utowo urip kuwi ono, nanging ora katon, ono nanging ora bentuk, ugo susunan ono lan bentuk.

Iki merdeka
Roso kuwi merdeka lan nyoto-nyoto merdeka. Merdeka, marsudi marang kahanane dewe, urip kuwi ora ono kang ngereh lan diereh sopo wae. Marsudi kuwi tetep langgeng, tentrem, ora cawe-cawe, ora mbutuhake opo-opo amergo urip kuwi opo-opo wae, roso kuwi opo-opo wae, rogo kuwi biso laku roso merdeka, waton gelem kanti temen-temenan, nanging rogo kuwi angen-angen, tumindak kuwi lakune budi pekerti, yen dedasar kodrat manungso kuwi ora biso urip ijen, malah kudu bebarengan, anggolong kuwi bener, mulo manungso, rogo lan laku kuwi dudu roso kuwi angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo. Iki rembug kasampurnan, laku ijen-ijen mulo tan keno cawe-cawe, opo ora nyoto yen ijen-ijen? cobo naliko lahir lan mati, opo ora ijen-ijen? nanging iki rembug laku kasampurnan, dudu rembug laku budi pekerti, mulo Romo dawuh tumrap putro/putri kabeh wae yen to pancen biso amepaki utowo angetrepi sakabehing sabdo, dawuh, pangandiko Romo, mulo banjur ono roso yen angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo tan keconggah angetrepi laku kasampurnan mau, mulo kuwi bener. Rogo iku tetep luput naging wis ono roso mulung, ora ngilangake angen-angen dene pikolehe gelem angetrepi laku kasampurnan mau tumrap angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo banjur tentrem, amergo tentrem kuwi banjur biso dadi wadah gede,
wadah gede kuwi mono, yo kuwi wadahe urip lungguhe ing roso.

1 komentar:

  1. saya atas nama BPK. SAMSUL dari MADURA ingin mengucapkan banyak terimah kasih kepada MBAH KARYO,kalau bukan karna bantuannya munkin sekaran saya sudah terlantar dan tidak pernaah terpikirkan oleh saya kalau saya sdh bisa sesukses ini dan saya tdk menyanka klau MBAH KARYO bisa sehebat ini menembuskan semua no,,jika anda ingin seperti saya silahkan hubungi MBAH KARYO no ini 082301536999 saya yakin anda tdk akan pernah menyesal klau sudah berhubungan dgn MBAH KARYO dan jgn percaya klau ada yg menggunakan pesan ini klau bukan nama BPK. SAMSUL dan bukan nama MBAH KARYO krna itu cuma palsu.m

    BalasHapus