Elingo jenengsiro putraningsun asaliro ono iki soko manunggaling roso sejati, duk naliko manunggaling bopo lan ibuniro, sakarone manunggal sawiji, rangkul-rinangkul, tan purun pisah jaji, lamun roso sakarone durung midjil, lha iku ananiro ing madyo, podo marmo jenengsiro ojo wani-wani marang wong tuwoniro, yektine kang anjangkung klawan dadio pepayungiro sinebut payung tunggal jati.

Kamis, 19 Juli 2012

SAP 7


TRI BAWONO


PANGOLAH RENGGO


PAYUNG TUNGGAL JATI

Elingo jenengsiro putraningsun asaliro ono iki soko manunggaling roso sejati, duk naliko manunggaling bopo lan ibuniro, sakarone manunggal sawiji, rangkul-rinangkul, tan purun pisah jaji, lamun roso sakarone durung midjil, lha iku ananiro ing madyo, podo marmo jenengsiro ojo wani-wani marang wong tuwoniro, yektine kang anjangkung klawan dadio pepayungiro sinebut payung tunggal jati.

LAKU LAN TUMINDAKE PUTRO

- Laku (laku njero)
Ojo ngaku (kumingsun) jalaran mratandani goro.
Ojo ngrumangsani, jalaran yen ngrumangsani tegese darbe rumongso sumbarang (widagdo ing patrap) malah wigar sabarang gati.
Ojo mungkir, tegese selak, kudu jujur sing temen-temenan, ono ucap ono uni.

- Tumindak (laku njobo)
Ojo gumunan, tegese gampang kepincut dening kepinginan, darbe kapribaden dewe.
Ojo wegah netepi (nuhoni) darmo minongko jejibahan.
Ojo wedi, yo iku tumekaning pasti.
Ojo mutung lamun ngalami kegagalan.


Kudu biso ngrasuk busono loro
- Kasarjanan
Muluring nalar anane sepisan iku sir, lampahing iku cipto, lungiding iku budi, telu-teluning mau gembleng dadi siji, yo ingkono lungguhing biso tumindak opo wae kang wis dadi kewajibane (darmane dewe-dewe).

- Kasujanan
Tegese minongko kanggo panglimbang amargo bener luput, olo becik kuwi wis sinandang, tegese yo dadi darbene dewe lan kabeh kuwi mau ono, mulo murih biso runtute laku lan tumindak biso diwawas (ditimbang-timbang) kanti temenan, jalaran olo becik, bener luput biso diungkiri maneh, ingkono mau rogo kang wenang milih, yen tumindake bener sing bakal oleh kuwi yektine sopo? nanging kosok baline, yen tumindake luput, sing bakal nompo yo sopo?

KINANTHI LOBONG

Wis katon sasorotipun trontong-trontong amadangi kabeh dunyo kang gumelar ngalam iki,  mangertiyo jenengsiro kang murbo lan amiseso sang hyang mono jati yekti.

Karsane Hyang Romo prabu mbengkas durmolaneng bumi kari endang lan satriyo kang ginadang dadi wiji, wiji janmo kang utomo, tuwuh-manuwuh sejagad royo, karyo raharjane bumi.

Heh kabeh putraningsun pirengno sabdoningsun iki, "ojo podo was sumelang, ingsun jangkung rino wengi sun emban, sun gendong, siro yekti tan pisah sarikmo siro ingsun yekti jati".

SI MBAH NINGGAL WEWELAR

Poro manungso jenengsiro elingo perobahane jagad lawas lan jagad anyar, sing biso ngetutake perobahane jagad, sing wis eling sangkan paraning dumadi , kang wis ndarbeni telu kang podo sektine, kang sumromboh anjrambahi sak indenging jagad. Siji lungguhe roso, loro lakune roso, telu gelare roso, siji tumrap laku jenengsiro laku tresno, loro jenengsiro laku welas asih, telu mring sak podo padane ono, yoiku gemblenge, hanane, gumelare jagad anyar, gulunge jagad lawas, tegese jenengsiro :

1. Rengganen kang momong rogoniro rino klawan wengi
2. Renengsiro biso anggulowentah obah mosiking roso
3. Bukti klawan nyoto jeneng siro kroso, rumongso, ngrasakake opo kang jenengsiro lakoni tumrap samubarang karyo.

Pakaryan kang guno amigunani, sumromboh mring sejagad yo jagade manungso urip kabeh, iki sabdo dawuhe kang murbo waseso jati, yo guru jati, yo pangeran jati, yo moho adil, kang ngadili gawe gelar roso katentreman tumrap manungso sak indenging jagad royo kang laku kasebut.

ASMORODONO

Ojo turu sore kaki ono dewo nganglang jagad nyangking bokor kencono isine dungo tetulak sandang klawan pangan, yo kuwi bagianipun wong urip sabar narimo.

KEKUDANGANE ROMO

Heh putraningsun sami poro satriyo lan wanito mreneo sun jarwani, mangertiyo jenengsiro wus ingsun sabdo dadi kitab suci sejati adam makno wastanipun, iku wujudiro wulang reh sejati iku uniniro, berbudi bowo laksono, kadyo lakuniro pratondo jenengsiro putraningsun.

MULO JENENG SIRO GELAR GULUNGE ROSO KANG NYOTO (Dandang Gulo)

Poro manungso biso muno-muni iku soko obah osiking roso lati biso ngunekake tutuk minongko lurung, iku yekti karsaning urip, urip kang gawe gelar kang dadi panutan, mulo siro darbe karso awit jenengsiro den lungguhi urip kang ngrenggo rogoniro. Ono kuwi yekti kang nganani, mahanani mring kabeh kahanan urip kang anganakake saliring gelar gulung gumelaring roso sakalir kang anglimputi rogo ing telenging telogo tanjung, eling-eling jenengsiro duk maksih aneng telenging roso sejati siro durung manunggal, tunggal roso kabeh anglakoni kang nglimput sakojur badan urip kang dadi wengkune wengku kang bakuh kukuh njrambahi jagadiro yekti mulo sireki kroso kabeh ing ragamu lan jabeng asmane sopo kang lungguh anglungguhi ing roso neki lan udinen den tunggal, poro manungso biso muno-muni iku soko osiking roso lati biso ngunekake tutuk minongko lurung iku yekti karsaning urip, urip kang gawe gelar kang dadi panutan, mulo siro darbe karso awit jenengsiro den lungguhi urip kang ngrenggo rogoniro. Ono kuwi yekti kang nganani, mahanani mring kabeh kahanan urip kang anganakake saliring gelar gulung gumelaring roso sakalir kang anglimputi badan, rino klawan dalu eling-eling jenengsiro duk maksih aneng telenging roso jati, siro durung manunggal.

PANGKUR (Kanti Midjil)

Tandur
Sriyoto putraningsun, dasar kanyo tur manis, ati-atiyo malengkung gumelar ambyar ing tawang, nggumunake manungso sedarum dadi remaning poro manungso, anane sri sejati, biso mujudi.

Tulak ngunduh lan miwiti
Kapi jembawan sesembahan ulun, guru laki kang sejati, kang andadekake reanane driyo sakabehing manungso, kapi jembawan wujudipun ketek abang, mulo pujo semedinipun mbenjang lamun kagungan putro/putri kenyo manis sang dyah diyu jembowati. Katiyasanipun jentik manis, mamanis ndadeake tentreme manungso yen wus dewoso ingsun gadang-gadang dadiyo prameswari warine wisnu, wisnu munggal ngejowantah neng ngalam dunyo, tuwuhe sri sejati kang mabyur, mulo dadi pepundene poro kawulo putri miwah kakung, ndadekake mulyane poro kawulo sak anak kadang tumeko putu, iku sak teruse agawe bunga lan tentrem.

Catetan :
Yoto kuwi pari, sri kuwi laku, triyoto kuwi kinasihe batoro kolo, mulo sing ngoyak-oyak pangan kuwi batoro kolo, dadi yen triyoto sing dijejerake ora bakal digudo, ketek abang kuwi kekarepan (karso), pujio dudu mujo, mujo kuwi lagi laku, pujo kuwi lungguhe dadi jembowati yo kuwi ghaib, kanggo tetulak, yen matan ono tetulakan pari, jawan kudu dijebol setitik, kuwi saranane banjur gawe ngubengi sawah sepisan wae (sing wis wiwit mratak), bakdo kuwi suket jawan banjur dienam (dibundel wayang) digowo mulih dilebokake lumbung, iki kanggo mengkoni anane pari kang lagi tuwuh (mratak), ora bedo opo wae tuwuhe jabang bayi kang winengku kakang kawah.

MUSTIKANING ROSO

Mustika mustikaning roso, urip sejatining urip, kang mahanani gelar gulung kang gumelar aneng ngalam dunyo, kang biso mumpuni roso sedarum iku gemblenging roso, mumpuni roso sekalir.

Purwaning dumadine manungso tan liyo soko dening roh suci kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo, kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil.

Gelar gumelare manungso soko dening manunggaling roso sejati, manunggaling bopo klawan ibu, sakarone podo rebut roso, rangkul rinangkul den podo uwal uwaliro lamun wis podo midjil.

Mulo sakabehing poro manungso elingo purwaning dumadi, sun njarwani marganipun naliko jenengsiro kinandut mring ibuniro, ibuniro rino klawan dalu tan kendat anggone meminto mring sihing gustine, pamintonipun ibuniro murih widodo lan dadi tulusing kang kinandut, sangang warso nandang sengsoro, mbenjang mios wanito wiwah kakung amung sipat dermo nompo ingkang kagungan urip.

URIP KANG SINEMBAH

Sopo kang manggulo wentah ragane manungso iyo urip, kang ngobahake ragane manungso iyo urip, kang muno iyo urip, kang kroso romongso ngrasakake iyo urip, mulo urip kang pinilih sakalir datan liyo kejobo urip, kang sinembah urip, urip kang sinembah sakabehing urip (sedarum), amergom urip kang kagungan, kang amengkoni sakabehing kahanan.

Kahanane wujud, wewujudan kang gumelar aneng ngalam dunyo iku kabeh den wengkoni urip, urip kang kagungan purbowaseso, kang nguwasani kabeh kahanan, mulo urip kang gawe gelar gulung ono soko dening urip, datan ono, soko dening urip, urip iku yekti, urip kang mahanani sakabehing kahanan, mulo sesembahan nyoto iyo mung urip, bukti luhur luhuring urip kang sarwo tuwuh manuwuh, kang sarwo sumi menjemi iku yektine urip.

Gumelaring jagad anyar saisine pisan, anane mung ringgit purwo, lampahanipun monosuko manunggal, dalangipun bocah soko gunung, herucokro semono, iku kang mandegani pagelaran aneng jagad agung ngalam dunyo, waranggane roso sejati, gamelane dudu gamelan perunggu nanging gamelan lokananta, swarane gumludug, kang dewe-dewe munyo munining urip, ringgit purwanipun woco, elingo purwaning dumadi, purwaning dumadine manungso, tan liyo soko dening roh suci, kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil, nora rampung lungguh aneng jagad anyar ora biso den lakoni bathin, agomo lan ngelmu, tangeh lamun jenengsiro tan mangerti mring kuncinipun iku kuncining gesang. Moho suci sesebutan ingsun, iku tumrap sakabehing manungso urip kang tumitah aneng ngalam dunyo, toging anggo marsudio katone wujud kang anggendong mondong yekti urip, yekti nyoto nyotone nyoto jenengsiro turu binantalan urip, kinemulan urip, kinasuran urip, samobahing ragane soko krentege kalbu opo kang jenengsiro sedyo kudu podo jenengsiro tumekeng wujud, datan ono bedane krenteg kang mahanani yekti podo ono.

ROH SUCI

Duk semono naliko jenengsiro aneng telenging telogo tanjung Opo kang ono telenging samudro roh suci, Roh suci sopo kang kagungan Kagungane Gusti Ingkang Moho Suci.
Siji, loro mulung
Telung sasi rupo
Patang sasi osik
Limang sasi malik
Enem sasi ngetang
Pitung sasi gya ngajun
Wolung sasi ngetang
Sangang sasi gya midjil

Lamun arso midjil ono loro mergane kang siji metu mergo ino, kang siji datan  metu mergo ino, kang metu mergo ino roh suci, kang dadi manungso, iku keno pati, kang datan metu mergo ino, ratu jalu klawan estri lamun jabang bayi arso midjil, sopo kang midjil rumuhun, kang midjil rumuhun kawah, kawah jejuluk "sastrojendro" peparap mami, sak wusnyo sastrojendro aneng njobo gyo manguwuh-uwuh kadange anom "he jaji kang lagi aneng guwo garbane ibu", pangudusaniro sastrojendro, jaji jenengsiro den aglis midjil kadangiro tuwo wus aneng njobo, aneng njobo ono warno-warno kang endah tur edi-edi.

Sanaliko jabang bayi arso metu, pun ibu kroso uwat jabang bayi sanaliko nendro, hayuningrat arso ngupadi kadang tuwo pembarepipun kang peparap sastrojendro ono ing ngendi pandunungane, kadang anom arso ketemu, endi to margoniro ngupoyo bisonyo ketemu, sanaliko hayuningrat uro-uro, "kakang-kakang sastro jendro, kadangiro anom arso ngupadi ono ing ngendi papan pandununganiro, kadangiro anom hayuningrat arso matur kadyo pundi pawartanipun kadangiro anom arso mangerti", wangsulane sastrojendro, "yo bener kadang ingsun hayuningrat jenengsiro yekti kadang ingsun moro jaji manjuwo dene gupuh ono ngarsanipun kakang, mulo jenengsiro den aglis maturo, "eling den eling, lamun eling sun elingi, lamun lali sun bondo", hayuningrat matur, " lamun luput nyuwun pangaksono", wangsulane sastrojendro, "paweling ingsun kuwi kanggo adege bener, kadang luput yo luput, kadang bener yo bener".

Selasa, 17 Juli 2012

DAWUH ROMO

Opo kang ginayuh luput? opo kang diranggeh keliwat? opo kang dijangko cupet? opo kang disaut mrucut? amergo roso ora gemolong, kurang idep, madep, mantep. Supoyo ora ketamon roso was sumelang, tujuan kuwi kudu ceto disik, karso kudu gembleng disik. Karso dewe tumrape manungso, kuwi lakune angen-angen, mulo angen-angen kuwi tansah owah gingsir, yo kuwi ndadekake was sumelang,
mangertiyo jeneng siro karso kang ora owah gingsir kuwi tentrem.

Dawuhe Romo
Asmo, midjil kuwi sabdane Romo, tegese lungguhe. Sabdo kuwi pasti, dawuh kuwi nemtokake, pangandiko kuwi andaran. Bedane sabdo, dawuh, pangandiko, yen sabdo kuwi obah, dawuh kuwi roso, pangandiko kuwi lakune, dadi kuwoso, lungguhe, lakune. Krenteg. budi, ono. Ono, budine, krenteg.

Pangolah
Kuwi tegese dirasakake, dadi iki laku mlebu, tembung pangolah iku bedo karo tembung angolah, yen angolah iku tegese njupuk bumbu soko njobo dene yen pangolah njupuk bumbu soko kahanane dewe, dadi ora kecampuran bahan soko njobo, mulo pangolah kuwi laku mlebu, gulung lakune yo kuwi ngrasakake, dirasak-rasakake dewe pangolahiro midjil nggembleng karo urip. Urip kuwi tentrem
tentreming tentrem, dadi tegese pangolahiro midjil kuwi laku tentrem.

Pangrenggo
Cegah dahar lawan guling kuwi pangrenggo, soko tembung renggo, dijogo, diugemi, dirumat. Cegah dahar lawan guling kuwi ora ateges banjur ngurangi dahar lan sare, nanging malah kudu dahar sing akeh lan sare kang kepenak, tegese cegah dahar lan sare kuwi angurangi ubale poncodriyo, angurangi angen-angen, mripat, kuping, irung lan cangkem. Murih opo to? murih tentrem, amergo poncodriyo kuwi marakake ora tentrem, dadi dudu ateges poso, awit poso kuwi malah mbuktekake
yen isih gede angen-angene, ateges ora nerimakake kahanan.

Ojo cawe-cawe
Ojo cawe mring liyan kuwi laku tentrem, amergo roso kuwi ora biso diwakilake, dadi gampangane koyo dene wong merem, mulo yen nyumurupi utowo weruh tumindak kang nerak katentreman ojo dirasakake, dene yen nyumurupi kadang tumindak nerak angger-angger katentreman kuwi Romo dawuh "siji lan sijine wis diparingi pangolah lan pangrenggo, dadi ora perlu dirasakake lan ngrasakake, amergo ukuran ketentreman angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo isih owah gingsir, dadi durung bener". Dene tumrape tetulung mring liyan kuwi yen diminto, ugo keno tetulung amergo kuwi ateges laku gawe ketentreman, gawe ketentreman kuwi lungguhe welas asih. Waton tumuju marang laku gawe ketentreman iku lungguhe ojo cawe-cawe, dene yen rosoniro obah banjur kudu tetulung kuwi sing diarani mulung, bab angger-angger ojo cawe-cawe mring liyan iki Romo ora milah-milahake antarane laku lan lungguhe, awit dasare mung tentrem, dene lungguhe angger-angger kuwi mau ono ing roso.

Angger-angger
Angger-angger kuwi tegese panyapih, ojo cawe-cawe mring liyan, awit murih tentrem, murih bener, kabeh gelar lan gulung kuwi lungguhe ing roso, teko lan baline ing roso, tumindake bener lan luput lungguhe yo ing roso, rogo sak benere wis yo wis diweruhi kroso, tegese wis kroso mring sabarang tumindak kang arep luput lan bener rogo wis diweruhi weruh dening roso, endi kang luput lan bener, rogo wis diweruhi kroso endi kang keno lan endi kang ora keno, sadurunge budi pekerti tumindak, dene yen rogo wis diweruhi kroso bakale luput, mongko kok isih ditindakake, kuwi tegese kurang toto titi, mulo sabarang tumindak kudu midjil, tegese urip wis kerso ngagem kawicaksanan, nanging yen nganti banjur tumindak mengkono, ono wohing tumindak luput mau mulo banjur kudu sabar narimo ikhlas kanti ngalah, dene tumindak luput mau tumrap roso tetep, mulo bisane nyuwun pangapuro, dene yen wis moco kunci, tumindak luput wis diapuro, tumindak budi pekerti yo kudu nyuwun pangapuro, yen wis ono roso gelem ngakoni luput, tumindak budi pekerti yo kudu gelem ngakoni luput, yen rogo gelem sakepti karo roso, banjur bener temahan tentrem.

Waspodo ing samubarang tumindak
Waspodo kuwi laku toto, titi, titis lan surti ngati-ati, awit kuwi tumuju marang tentrem, samubarang tumindak kuwi angen-angen, dadi wong melek, mulo angen-angen wong melek mau durung mesti yen luput, waton budi pekerti durung tumindak, awit ono angen-angen lumaku nanging budi pekerti ora tumindak, yo kuwi angen-angen kang anggulung, melek nanging ora weruh, nganti disopo wong ora ngrasakake krungu, panggondo ora makarti, malah kadang mangan nganti ora rumongso ngrasakake mangan, kahanan kang mengkono kuwi keno sinebit ngelamun, amergo kuwi lagi neng, dene kang ngajak kuwi urip, dene wigatine rogo biso laku tentrem, biso meneng mbuktekake yen tentrem kuwi ono, bedane ning lan neng, ning kuwi lakune yen neng kuwi lungguhe, dadi laku lan lungguhe angen-angen tumuju marang tentrem.

Surti ngati-ati
Kuwi tegese laku ngukuhi tentrem ora gelem di obahake roso angen-angen, amergo angen-angenn kuwi ngloropake, soyo gede angen-angene manungso soyo gede panglorope angen-angen, bedane roso angen-angen lan roso tentrem kuwi, yen roso angen-angen kuwi arso gelar, kuwi ngloropake, angen-angen kang anggulung kuwi kang tumuju marang tentrem, roso tentrem tegese ora ono opo-opo, yen ono opo-opo kuwi lakune angen-angen arep gelar, dene gelare kuwi mau tumrap marang budi pekerti lan poncodriyo.

Gemi nastiti
Laku gemi nastiti kuwi tegese biso ngrekso, gemi nastiti tegese rekso-rumekso, dene kang direkso yo kuwi roso tentrem lan kang rumekso yo roso tentrem, laku gemi nastiti kuwi biso ngrekso, tegese mulung dadi gelem, gelem nipisake obahe roso angen-angen, iku jeneng gelem tentrem, emoh marang roso angen-angen kang marakake dadi laku marsudi marang kahanan dewe, nyudho roso cawe-cawe mring liyan.

Idep, madep, mantep, tetep
Idep kuwi tekad, madep kuwi lungguh (sipat), mantep kuwi temenan, tetep kuwi ora owah gingsir, dene lakune tekad ora was sumelang, dadi idep kuwi laku ora sumelang, yen lakune madep kuwi kenceng, pratitis, lakune temenan kanti nyoyo babar pisan, yen lakune tetep kuwi mbudek, mbisu, micek.

Toto titi titis
Kuwi lungguhe ing roso, kuwi lakune laku, yo kuwi laku gelar lan gulunge roso tentrem, mulo sejatine toto, titi, titis kuwi lakune roso, dadi obahe sir, dat, sipat, kuwi roso arep gelar lan gulung, kroso, rumongso, ngrasakake. Toto, titi, titis kuwi dudu lakune karso, kuwi lakune angen-angen, yen toto, titi, titis kuwi lakune roso arep anggembleng banjur lungguh.

Jujur temen temenan
Laku jujur kuwi ora gelar lan gulung, dadi jujur marang rosoniro dewe, lungguhe jujur marang urip, jujur marang Moho Suci, jujur marang roso, dene jujur kuwi lungguh ono ing roso, mulo jujur kuwi lakune kunci, laku kenceng mring kunci, laku jujur lan yekti jujur. Bedane temen lan temenan, yen temen kuwi tumuju marang njero, yen temenan kuwi tumuju marang njobo, yen temen-temenan kuwi lakune budi pekerti, ngestoake dadi satriyo/wanito sejati, sejatine satriyo/wanito, tegese kudu wani dadi wadahe kunci, dadi laku anggembleng laku nyawiji, mulo putro kudu temen-temenan, lungguhe roso timbal balik obah angobahi, kroso ngrasakake entuk roso menehi roso, laku kono kene, laku podo-podo.

Tumindake rogo
Tumindake rogo kudu sabar, narimo, ikhlas kanti ngalah kuwi tegese laku mulung, tumindak kanti mengkono kuwi mau tumrap putro, ateges laku manunggal, supoyo entuk roso, yo kuwi roso tentrem, dene rogo kudu laku sabar, narimo, ikhlas kanti ngalah amergo dadi wadahe urip, mongko urip kuwi sabar sabaring sabar, narimo narimaning narimo, ekhlas ekhlasing ekhlas, ngalah ngalahing ngalah, murih rogo tansah biso anindakake laku kuwi mau, patrape kudu tansah eling. Rogo anggone tansah kudu laku mengkono mau salawase ono, dadi tanpo wates ateges nganti bali, mulo carane rogo kudu tansah dilelatih soko setitik-setitik. Angayomi tegese rekso rinekso, welas lan asih kuwi lakune urip, yo roso welas lan asih, lakune opo? yo kuwi sir, dat, sipat, kroso, rumongso, ngrasakake, dadi lakune gelar lan gulung. Welas lan asih kuwi sugih pangapuro, antarane welas lan asih kuwi laku lan lungguhe, dene yen welas lan asih kuwi tegese eling, ukuran welas lan asih kuwi ing roso, welas lan asih tumrap rogo yo kuwi laku anggembleng, amergo urip kuwi welas welasing welas, asih asihing asih, buktine langgeng tan owah gingsir.

Iki dudu agomo
Agomo kuwi dalan, laku ageman, kuwi lakune wong melek dadi lakune budi pekerti, tumindake soko angen-angen, mulo lungguhe roso pangroso dadirumongso ngrumangsani. Buktine yen agomo kuwi lakune wong melek, yen turu ninggal agomo amergo angen-angen ginulung roso, iki dudu agomo tegese iki dudu mung karep bener naging bener benering bener awit buktine kroso temenan.

Iki dudu kebathinan
Kebathinan kuwi tegese ngumpulake, dadi laku karep utowo sir, kebathinan lan agomo kuwi loro-lorone lakune wong melek. Agomo nuduhake dalan, kebathinan ngumpulake ono, ono ing kene tegese sakwise weruh dadi isih roso pangroso, iki dudu kebathinan tegese wis dudu laku maneh nanging nyoto-nyoto wis tekan manunggal, gembleng nganti midjil, mulo Romo dawuh cegah dahar lawan guling iku panggrengane, tegese wengkune.

Iki dudu partai
Partai kuwi tegese anggep-anggepan, mulo roso kuwi dudu anggep-anggepan, anggep-anggepan kuwi roso rogo awit rogo rumongso bener.

Iki dudu golongan
Roso dudu golongan, roso ora misah-misahake utowo anggolong-golongake, roso kuwi mratani sak kojur badan urip, kuwi mratani ing saindenge jagad royo. Golongan utowo anggolongake kuwi pekertine poncodriyo, tegese golongan lan
anggolongake kuwi misah-misahake, dadi lakune roso rumongso.

Iki dudu organisasi
Organisasi kuwi susunan, iki dudu organisasi tegese roso utowo urip kuwi ono, nanging ora katon, ono nanging ora bentuk, ugo susunan ono lan bentuk.

Iki merdeka
Roso kuwi merdeka lan nyoto-nyoto merdeka. Merdeka, marsudi marang kahanane dewe, urip kuwi ora ono kang ngereh lan diereh sopo wae. Marsudi kuwi tetep langgeng, tentrem, ora cawe-cawe, ora mbutuhake opo-opo amergo urip kuwi opo-opo wae, roso kuwi opo-opo wae, rogo kuwi biso laku roso merdeka, waton gelem kanti temen-temenan, nanging rogo kuwi angen-angen, tumindak kuwi lakune budi pekerti, yen dedasar kodrat manungso kuwi ora biso urip ijen, malah kudu bebarengan, anggolong kuwi bener, mulo manungso, rogo lan laku kuwi dudu roso kuwi angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo. Iki rembug kasampurnan, laku ijen-ijen mulo tan keno cawe-cawe, opo ora nyoto yen ijen-ijen? cobo naliko lahir lan mati, opo ora ijen-ijen? nanging iki rembug laku kasampurnan, dudu rembug laku budi pekerti, mulo Romo dawuh tumrap putro/putri kabeh wae yen to pancen biso amepaki utowo angetrepi sakabehing sabdo, dawuh, pangandiko Romo, mulo banjur ono roso yen angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo tan keconggah angetrepi laku kasampurnan mau, mulo kuwi bener. Rogo iku tetep luput naging wis ono roso mulung, ora ngilangake angen-angen dene pikolehe gelem angetrepi laku kasampurnan mau tumrap angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo banjur tentrem, amergo tentrem kuwi banjur biso dadi wadah gede,
wadah gede kuwi mono, yo kuwi wadahe urip lungguhe ing roso.

NUTUP

Nutup kuwi sabdo.
Tangan tengen nempel dodo kiwo, tangan kiwo ing nduwure tangan tengen banjur moco unen-unen nutup, "pinarak ing prasojo sun sangoni basuki". Nutup tegese wis rampung, urip kuwi lanang, rogo kuwi wadon, sakwise manunggal nganti midjil rogo banjur nutup. Tangan tengen nempel dodo kiwo tegese kang ditengahke, yo kuwi roso, bali ing asale. Pangerten nempel dodo kiwo kuwi mengku pituduh yen lungguhe urip ing dodo kiwo, dodo kiwo minongko kedatone, yo kuwi kang sinebut ing unen-unen jongko joyoboyo, kedatone ratu adil ing alas ketonggo, iku tegese keteg ing onggo, tembung alas tegese a lan las, a kuwi anganani utowo ono, las kuwi roso, dadi anane roso ing keteg, kumpule roso, las-lasane roso utowo sari-sarine roso kuwi ono ing keteg. Bedane gelar gulunge midjil karo nutup, yen midjil kuwi kroso-ngrasakake, yen nutup kuwi rumongso-ngrumangsani, tegese wis laku.
Roso kuwi budeg, bisu, picak, dadi kroso-rumongso-ngrasakake.

ASMO

Asmo kuwi Asale Manunggal, dadi asale gelar ono yo kuwi lungguhe sir, dadi asmo sing diparingake marang putro, kuwi :
- Urip
- Asmane Urip
- Lakune Urip
- Gelar Gulunge Urip
- Lungguh Urip
Asmo kuwi urip dewe kang maringi, asmo kuwi asale yo soko urip. Asmo kang diparingake menyang putro kuwi dipundut soko cundomani, tegese sinimpen ing wadah kang durung gumelar, lungguhe ing pangerten rogo dijupuk soko wadahe mani, dadi naliko wiji durung gelar (Roh Suci), yen manungso ora biso maringi asmo naging mung biso maringi jeneng minongko kanggo tenger, dene yen jeneng kuwi asale soko gelare urip, dadi wis laku, mulo bedane yen asmo soko urip kang durung laku amergo isih ono ing cundomani, mulo asmo kuwi yo disebut bahan yo iku bahan urip arep gelar, dadi saupomo ono manungso wis biso midjil bedane karo ing putro kuwi, siji durung duwe asmo siji wis duwe asmo, kang durung kagungan asmo kuwi durung kagungan kuwoso, lungguhe ono ing gelar, kang wis kagungan asmo kuwi wis kagungan kuwoso, lungguhe ono ing gelar gulung.

SINGKIR

Gusti Ingkang Moho SuciKulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci
Sirollah datollah sipatollah
Kulo sejatine satriyo
Hananiro, hananingsun
Wujudsiro, wujudingsun
Siro sirno mati dening satriyo sejati
Ketiban iduku putih sirno layu dening.....(Asmo satriyo)

(Nggedruk bumi 3X, ndamu nduwur 3X, Tumraping banyu madep mangetan,
tumraping geni madep mangetan, tumraping beboyo/musuh madep mangalor)

Singkir kuwi dawuhe Romo, denen kanggone nyingkirake barang kang luput, samubarang kang marakake ora tentrem. Moco singkir kuwi yen arep kumpul saresmi, mulo ye unen-unen singkir kuwi anggambarake laku manunggal. Unen-unen singkir kuwi koyo Kunci mulo diarani setengah Kunci, Kunci wadon lan Kunci lanang, roso kono lan roso kene, roso iku lan roso iki, siji lan sijine tibo setengah dadi podo-podo. Lungguh laku tentrem-anentremake, Gusti Ingkang Moho Suci kuwi pambuko. Kulonyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci kuwi laku sungkem lan panutup. Moho Suci kuwi roso, Moho Kuwoso kuwi obah.
Sirolah, datolah, sipatolah tegese polah ing obah, polah ing gembleng, polah ing gelar. Kuwoso, gembleng, gelar, obahe banyu telu kang sinebut anasir (Sarine Banyu, Sarine Bumi, Sarine Geni) gemblenge sinebut tri murti. Kulo sejatine satriyo/wanito tegese laku roso lanang-wadon, lakune ssarine banyu lanang-wadon, lakune sarine roso-roso. Hananiro hananingsun wujudsiro wujudingsun tegese podo-podo roso ono disik tekane keri, cobo yen laku manunggal kae, roso ono disik nanging tesing roso tekane keri, hananiro hananingsun wujudsiro wujudingsun iku ugo diarani laku tantang-tantangan tegese adu obah lan roso, roso mat tegese roso tekan arep tes.
Ketiban iduku putih sirno layu dening........(asmo satriyo/wanito) iku tegese ketiban tesing, iduku putih kuwi banyu urip, roso sari kuwi mani, iduku kumpule isine dumadi, putih kuwi kang nglimputi getih, sirno kuwi kumpul, layu kuwi luhur luhuring wahyu, njejak bumi kaping telu, ndamu nduwur kaping telu tegese laku eling bumi yo kuwi sari-sarine, nduwur tegese cahyo, kaping telu tegese Urip-Roso-Obah, Tengah-Ngisor-Nduwur, Kroso-Rumongso-Ngrasakake.
Tumrap banyu madep mangetan, tumrap geni madep mangulon, tumrap beboyo/musuh madep ngalor, mangetan tegese mengeti eling, soko tembung wetan, dadi eling asale soko banyu utowo eling wiwitane ono soko banyu, geni tegese sreng (panas), mangulon tegese kumpule kuwi mahanani lan anganani sreng (panas), kulon soko tembung kelonan, mangalor tegese gelare, beboyo/musuh tegese naliko campuhing manunggal, arep ngumpulake banyu telu, dadi iki dudu bab gelar, nanging iki laku arep kumpul, mahanani lan anganani roso tentrem, dene tumrap lakune rogo yo kudu sabar, narimo, ikhlas, jujur, welas asih lan tresno aninrasni. Cobo laku manunggal lamun tan mrabot laku pitu mau opo biso mahanani sarto anganani tentrem?
Laku lan lungguhe singkir
Romo wis paring dawuh, yen singkir kuwi anyingkiri samubarang tumindak kang luput, dene unen-unene singkir kuwi lakune urip dewe, dadi lakune roso arep anggembleng, yo ceritane urip dewe.
Bedane paweling lan singkir
Paweling kroso laku nyoto, laku-lumaku, nglakoni, yen singkir laku-lumaku, tumindak. Singkir kuwi ugo kagem yen lagi nindakake saresmi, nanging mangertiyo yen singkir kuwi dudu bangsane aji asmoro gomo utowo liyo-liyane, awit singkir iki dudu lakune manungso, iki lakune urip dewe naliko arso anggembleng.
Singkir kuwi keno diunekake sembarang wayah amergo kuwi kang nyirep angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, dene sikepe rogo meneng-seleh. Paedahe moco singkir kuwi supoyo eling margane ono, asale soko suci kudu bali suci, asale soko tentrem kudu laku tentrem, asale suci kudu laku suci.
Lakune singkir
Singkir kuwi lakune urip, yo laku arep ono. Unen-unen kuwi banjur diarani singkir, asale usule dawuh Romo, dene yen putro kapengkok ing beboyo banjur moco singkir kuwi kanggo nentremake rasane dewe, awit singkir kuwi ora kanggo nyingkirake beboyo koyo dene unine jopo montro, singkir kuwi dudu mantran nanging iki lakune urip arso anggembleng. Mengko yen lagi kekerengan banjur ngagem singkir kuwi ora utowo satengahing peperangan banjur ngagem singkir kuwi ora koyo mengkono, mangertiyo jeneng siro....."Singkir dudu dungo menang perang, singkir dudu aji suprih biso unggul perang, singkir kuwi anggemblengake perang roso". Ing singkir ono unen-unen "Ketiban iduku putih sirno layu dening.......", unen-unen kuwi ora kanggo nglawan musuh utowo mbrasto musuh awit singkir kuwi nentremake angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo dewe, mulo mangertiyo singkir dudu rembug njobo,  dudu rembug lakune angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo naging iki rembug laku njero, yen isih diagem laku njobo pasti kesasar. Mulo opo sebabe yen lagi saresmi Romo dawuh supoyo ngagem singkir, suprih tansah eling asale ono.

MIDJIL

(Gulung)
(Asmo satriyo).....Jeneng siro midjilo panjenengan ingsun kagungan karso arso.....

(Gelar)
(Asmo satriyo).....Jeneng siro midjilo panjenengan ingsun kagungan karso rogoniro arso tumindak.....

Umpamane :
Mbekso mbeksoniro pribadi
Ngusadani ragane.....(jenenge wong liyo) kang lagi nandang robo murih waras
Raganiro arso tumindak nyambut gawe, murih sediyane kaleksanan kanti slamet

Midjil kuwi tegese miji utowo amijeni dadi ora ateges medal utowo lahir, yen ngono kuwi gelare, gulunge miji. Semono wis miji, iku tegese wis miji klawan herucokro, mulo banjur asmo "Herucokro Semono", her kuwi banyu, cokro kuwi bunder, se kuwi sejati, mono kuwi siji, dadi bibiting ono, iki bedo karo manunggal, yen manunggal kuwi lagi laku arep miji utowo laku midjil ugo disebutake midjil kuwi soko tembung wiji utowo miji, tembung herucokro semono kuwi keno ditegesake wijine ono putro, ateges gawe wiji ono, dene sing diarani putro kuwi kang nglimputi jagad royo yo kuwi urip.

Patrape Midjil
Tangan kiwo ing lempeng kiwo, jempolan nempel ing igo-igo wekasan, tangan tengen nempel ing dodo, jempolan meteg keteg, dengkul rapet, sikil waroto midak lemah, tangan kiwo nempel igo wekasan tegese kang ginowo, opo kang ginowo? yo iku urip. Igo tegese isine gaib, isine gaib kuwi yo urip, wekasan tegese kang gelar keri, yo iku ari-ari, anane roh suci, jempol tengen ing keteg tegese kang ditengahke, yo kuwi roso, noyo-nyoto yen ing kene kroso ono obahe urip, andunungake sarto mbuktekake yen wis tekan temenan tumrap laku, gelar yen ing kene lungguhe dat, dat kuwi gemblenge, gelare budi pakerti, pangerten tangan tengen kuwi mengku wewarah kang ditengenake, dengkul rapet midak lemah tegese obahe tumindak lan laku, rapet tegese wengku, dadi amengkoni tumindak lan laku, denen kang dadi wengkune suci, dlamakan waroto midak lemah tegese sungkem mring bumi, sungkem kuwi eling lan ngelingi.
Muni kuwi lakune utowo sipate osik, jeneng kuwi jumeneng utowo laku, siro soko tembung anasir, anasir kuwi cahyo lan sari-sarine, midjilo tegese anggemblengake, dadi tembung jeneng siro midjilo tegese laku anggemblengake cahyo lan sari-asrine, kumpule cahyo lans sari-sarine, kuwi dat, panjengenan ingsun kagungan karso lan arso, panjenengan ingsun kuwi urip utowo Romo, kagungan  karso tegese roso-kroso, roso-kroso kuwi obah, mulo banjur ono obah, arso kuwi roso-kroso, roso-kroso kuwi lakune anggemblengake, mulo midjil kuwi lakune anggemblengake, dadi anane mung obah lan roso, tembung rogoniro arso kuwi kawicaksanan, yo kuwi kawicaksanan urip.
Bedane midjil kanti suworo lan ora kuwi laku lan lungguhe, yen kanti suworo kuwi nututi suworo, kuwi lungguhe panguwoso, yen dibathin kuwi angumpulake, midjil banjur kroso obah, obah kuwi kuwasane, dadi nuduhake roso mulo kuwi obahe urip, tegese urip kang durung lenggah, yen mengkono kuwi laku urip, kuwi mahanani lan anganani roso, roso kuwi tentrem anuduhake lakune roso tentrem.
Midjil lan pangandiko iku tegese osik ing roso, dadi karsaning roso, mulo kudu midjil, umpamane arep nguyuh, mangan, ngombe, turu, tumindak nyambut gawe opo wae. Midjil ing kene tegese pamit karo uripe, mulo kudu midjil awit kuwi pangolahe, upomo saresmi, midjil ing samubarang tumindak kuwi pangolahe, dadi mahanani sarto anganani roso, mulo tumindak opo wae yen wis midjil kuwi lungguhe rogo wis pamit, ateges dipangstoni, rogo wis wenang nemtokake, yo kuwi nemtokake laku, yo laku tentrem. Mulo rogo wis midjil kuwi tumindake malh kudu banjur eling, waspodo marang tumindak, eling marang kunci, sabar, narimo, ikhlas, jujur, welas asih lan tresno aninrasni banjur kudu toto, titi, titis, surti ngati-ati, gemi anstiti, idep, madep, mantep, dadi ora sak gelem-geleme dewe anggone tumindak utowo banjur nuruti sreging atine dewe. Tumindak budi pekerti putro kuwi ora ngowah-owahi koyo dene tumindake budi pekerti naliko durung midjil, tegese urip ora ngiwahi amung sakwise dadi putro kudu malah soyo kandel elinge, ojo malah dadi sembrono, mergo rogo murih ora nganti tumindak ninggalake soko angger-anggering Moho Suci.
Rogo kuwi tetep luput, mulo kudu midjil, tegese urip wis kerso ngagem kawicaksanan, mulo ojo susah was sumelang, was sumelang kuwi asale soko ragu-ragu amergo banget anggone mikirake, asale soko roso pangroso, lakune roso trenyuh. Panjenengan ingsun kagungan karso.....di iseni opo wae sak kersane, Romo dawuh sakersane waton ora tumindak luput, midjil kuwi dudu rembug uni, dudu rembug tembung, nanging midjil kuwi roso, senajan ora muni, janji eling arep midjil kuwi wis midjil, tumindake rogo tentrem, iki lakune, iki gemblenge, iki gagrakane. Senajan unine susunan boso wis kanti edi peni, rapi tumuju marang tentrem, nanging tumindake rogo ora laku trntrem sing ngono kuwi yo jeneng wis midjil nanging durung lungguh. Dene ono manungso kang durung midjil, nanging gelem tumindak tumuju marang karahayoning bebrayan utowo amemayuhayuning jagad, ngono kuwi pepindane wong ngomong tanpo lawan, wong ndongeng tanpo ono sing ngrungokake, wong nyambut gawe tanpo saksi, dadi lungguhe laku, lagi pangolah-pangrenggo, lha yen putro wis diwengku. Bedane wong liyo karo putro, yen wong liyo lagi lakune manungso, yen putro lakune urip, yen lakune manungso lagi laku suci tumuju marang Moho Suci, yen lakune putro wis dadi werangkane Moho Suci, putro wis dadi raganeMoho Suci. Mulo yen putro lagi midjil, sing midjil kuwi " urip, kunci, paweling, singkir, asmo, roso, obah. Asmo midjil kuwi kuwasane Romo, putro biso nyumurupi Romo yen nedengi lagi nyabdo, yo kuwi meneng, mung obah, banjur dawuh "ewang sukmo sasmito ingsun buwono langgeng", dawuh iki roso kang mahanani lan anganani obah mau. Yen putro lagi midjil banjur obahe midjil kuwi kang sinangkan soko dodo kiwo katarik manengen utowo kosok baline, dadi tangan kang tinarik soko dodo kiwo manengen kuwi lungguhe Wisnu, dadi laku, yen tangan kiwo tinarik soko dodo tengen mangiwo kuwi lungguhe Herucokro, dadi gelar, loro-lorone sinebut laku gelar.
Lagi midjil kok koyo-koyo weruh kahanan kang kumlebat ono ing sangarepe, kahanan koyo mengkono kuwi angen-angen, awit midjil kuwi tegese ora ono opo-opo, sing diarani angen-angen kuwi kahanan njobo, mulo yen sumurup, krungu lan anggondo lungguhe tumrap midjil terus ono opo-opo banjur kroso iki sing diarani gulung. Nitiprikso kuwi angen-angen mulo seweneh banjur podo nitiprikso, ono sing katon opo sing dikersakake lan suweneh ono sing ora weruh opo-opo, sing bener kuwi sing ora weruh opo-opo, kuwi roso kroso, satriyo lan endang kuwi urip, kuwi ono nanging ora bentuk, dadi ora biso dideleng kanti nitiprikso gaib, dene yen banjur biso nyumurupi satriyo lan endang, kuwi tegese lakune urip, yen putro midjil banjur kroso gumriming kuwi diarani lakune urip, kuwi Romo, kuwi lakune obah lan roso, kuwi midjil, dene yen putro midjil banjur sumurup cahyo putih gedene sak mrico gemebyar, kuwi Romo, kuwi roh suci, mangertiyo jeneng siro Romo kuwi urip, mono, roso, manunggal, yo roh suci kuwi mau. Sebabe opo putro biso weruh lakune Romo? amergo diparingi weruh, diweruhi kersane Romo paring weruh, dene yen lungguhe diparingi weruh kuwi kangge nuduhake putro lamun puled-ppinuledan karo Romo, mulo ojo ws sumelang. Dadi bab tembung sabdo mau, kuwi yen putro midjil ora ateges putro banjur biso nyabdo, awit asmo, midjil luwi sabdane Romo, dadi kang darbe sabdo sak jagad sak indenge royo kuwi mung urip, kuwi kang murbowaseso kabeh, ono lan ora ono.

PAWELING

Siji siji, Loro loro, Telu telonono
Siji sekti, Loro dadi, Telu pandhito
Siji wahyu, Loro Gratrahino, Telu Rejeki

Opo tandane putro ? Pinaringan Kunci, Paweling, Singkir, Midjil, Asmo rinengkes limo dadi siji. Paweling kuwi tegese eling antoro dawuhe Romo, antoro kuwi roso lan roso. Siji-siji tegese Moho Kuwoso lan Moho Suci, pambuko lan panutup, gelar lan gulung, wengku lan kang mengkoni, dadi eling. Loro-loro tegese langit lan bumi, bopo lan ibu, kawah lan ari-ari, dadi puled-pinuledan, rekso-rinekso, ayom-angayomi, lungguhing ing roso eling anane ono sir lan sipat.
Telu telonono tegese jabang bayi (dat). Diwengku-kawengku-winengku, sir-dat-sipat, kumpule pambuko lan panutup, laku gembleng lan gelare Moho Suci.
Siji sekti tegese Urip kuwi sekti, sekti kuwi sek banjur mati tegese tentrem, siji kuwi Kunci. Loro dadi tegese dad utowo kumpule, siji yen ono siji banjur dadi.
Telu pandhito tegese lakune, yo lakune roso lan roso arep kumpul, pandhito tegese mapan lan ditoto. Mapan lan ditoto kuwi opo? tentrem. Mulo sanepane tan ono uwong biso manunggal karo mlayu sarto tinoto.
Siji wahyu tegese Urip kuwi pambuko, pambukane opo? yo pambukane roso, pambukane kuwi ono. Loro gratrahino, tegese gratrahino  peletek, yo peleteke roso
lan roso, yo iku peleteke rasane bopo lan ibu, peleteke iku lan iki.
Telu rejeki tegese anane jabang bayi, roso wis tes dadi banjur lego, lego kuwi tentrem, tentrem kuwi ora ono opo-opo, mulo paweling kuwi dawuhe Romo. Opo dawuhe Romo? tentrem ora ono opo-opo. Paweling dawuhe Romo, laku eling kuwi wigati wigatining wigati, dadi eling marang suci. Paweling kuwi ora keno diwoco salah siji utowo sebagian unen-unene, yen koyo mengkono rak banjur dudu paweling. Dene yen laku eling kuwi lahi kroso nanging laku ing kene tegese putro asmo. Awit laku kuwi kroso, rumongso, ngrasakake. Romo dawuh, paweling kuwi antoro roso lan roso, Urip lan urip banjur puled-pinuledan. Paweling kuwi wigati wigatining wigati, mulo ono tetembungan : "Lamun ingsun eling ingsun eling, lamun lali ingsun lali, ingsun taleni", pinuju opo wae putro kuwi moco paweling iku sakersane, nanging mangertiyo yen tansah cecedakan karo wong tuwo, yen ono rejekine kari nampani yen adoh ndadak dibalangake. Paweling kuwi panalangsane putro, paweling kuwi kroso laku nyoto, laku lumaku, nglakoni, dadi tumrape putro sabarng tumindak moco paweling disik sadurunge midjil kuwi luwih prayogo, tegese sabarang tumindak tansash eling, umpamane ngusadani, paweling disik banjur midjil, lamun temen-temenan pasti waluyo, waluyo jati jatining waluyo .
Yen nganti ora waluyo kuwi amargo ora paweling disik, sing ono mung roso tok, ono rumongso, aku kang ngusadani dene yen ora waluyo banjur dadi tutuhan.     Jeneng siro mangertiyo, mulo satriyo kang misuwur iku sinebut dananjoyo tegese jayane didanakake, satriyo kuwi darmane dono, yo dono opo wae, perkoro mari opo ora dudu wewenange rogo, mulo ojo dikulinekake ngarani, milih, ngenyang, kuwi pal kodrat, tegese banjur mestekake sadurunge nyoto. Romo kerep paring andaran, ojo age-age percoyo yen durung nyoto. Sakwise paweling kuwi banjur kroso, tumraping putro tembung kepareng lan ora kuwi njupuk soko paweling, tegese soko roso, awit banjur kroso, rumongso, ngrasakake, mulo banjur kroso, iyo lan orane kuwi pasti. Romo kuwi yen paring dawuh ngagem boso roso mulo banjur roso, kroso, ngrasakake, awit urip kuwi wasis samubarang kalir senajan sakwise paweling banjur biso :
- Krungu, diparingi krungu banjur biso.
- Weruh, diparingi weruh banjur biso.
- Anggondo, diparingo anggondo banjur biso.
- Kroso, diparingo kroso banjur biso.
- Obah, diparingi obah banjur biso.
Nanging mangertiyo jeneng siro ora banjur krungu, weruh lan liyane iku, dene yen sing maringi mau Urip-Roso, umpamane diparingi krungu, suarane mung banjur ngerti ngono wae. Yen putro sing kanggo gondelan mono, suarane yo ngagem tembung mono. Romo yen dawuh ojo, tegese nyegah, panyegah gelare angen-angen kang milar soko tentrem, ugo ono dawuh ati-ati, kuwi tegese rogo kudu tumindak ati-ati, amergo lagi disimak uwong, amergo lagi ditinting-tinting liyan, tembung kang den agem Romo yen dawuh marang putro kuwi ojo, bener, keno, ora, ati-ati, waspodo, purbowaseso, sakersaniro, dipangestoni, he........kuwi kabeh siji (mono). Tembung nitiprikso kuwi lungguhe angen-angen, putro yen nitiprikso yo kudu paweling, nanging ora bakal weruh opo-opo utowo krungu opo-opo, ora nggondo opo-opo lan liyo-liyane, cobo njur kuwi nitiprikso opo? dene yen ono nitiprikso banjur weruh opo-opo utowo krungu lan anggondo, genah kuwi angen-angen, rak wis diterangake yen Urip kuwi budeg, bisu, picak, lha yen weruh opo-opo kuwi rak angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, dadi sing bener kuwi ora weruh opo-opo amergo Urip kuwi datan bentuk nanging ono, sing bener kuwi wewaton roso, mangertiyo jeneng siro yen putro kuwi wis mrabot lan nglenggahi sabdo, kuwi ono, mahanani lan anganani ono. Tembung diparingi weruh, krungu, anggondo sarto kroso kae mau dununge suci, suci tegese dituduhake suci, dirungoni suci, kroso suci tegese laku suci, nanging mangertiyo jeneng siro suci kuwi durung sampurno, sampurno kuwi ora ono opo-opo, yen isih ono opo-opo kuwi durung sampurno, isih laku, mulo Romo dawuh laku suci lungguh ing roso, yen wis lungguh ora ono opo-opo, tegese tentrem, tentrem kuwi luput soko obahe angen-angen, tegese banjur ora diontang-ontangake angen-angen awit watak wantune angen-angen, sang soyo gede angen-angen, rogo sang soyo gede digorohi, amergo angen-angen kuwi ora nyoto, durung nyoto, mulo mangertiyo jeneng siro wigatine paweling disik banjur midjil, kuwi banjur lungguh temenan, bakal mahanani tentrem, roso, kroso, rumongso, ngrasakake.

KUNCI

Gusti Ingkang Moho SuciKulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci
Sirollah datollah sipatollah
Kulo sejatine satriyo
Nyuwun wicaksono, nyuwun panguwoso
Kangge tumindake satriyo sejati
Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput.
Kunci kuwi witing Urip

Iku tegese wiwitane ono urip, yen diucapake kanti alon wit ing urip, urip kang lungguh ing urip iku sinebut Moho Suci. Moho Suci kuwi tegese kumpule kabeh kang suci. Opo ora nyoto yen urip iku langgeng, tuwuh-manuwuh, trubus-manrubus.
Roso kabeh kuwi Romo, lungguhe ing rogo, yo roh lan komo iku yo urip. Dene mono kang mengkoni mono kuwi tunggal, esa utowo siji. Mulo kabeh ono lan ora ono ing saindenge royo kuwi winengko mau dening mono, banjur ono tetembungan "Gede-gedene gunung yo semono, duwur-duwure langit yo semono, cilik-cilike tengu yo semono", dadi kabeh kuwi winengkonan semono, mulo banjur ono sebutan asmo putro, jalaran kuwi kang nglimputi jagad royo iki, opo ora urip? dene kang kagungan mono kabeh mau. Kunci kuwi lungguh ing roso, dene sing nglungguhake iku sabdane Romo. Ing Kunci ono ucapan Gusti Ingkang Moho Suci nganti kaping pindo, iku tegese loro nanging siji yo kuwi Pambuko lan Panutup yo Laku lan Lungguhe, dene sing nyuwun pangapuro iku Sir, Dat, Sipat (Sirolah, Datolah, Sipatolah). Sir kuwi Obahe utowo Kuwasane laku. Dat kuwi Gemblenge utowo Tetepe yo utowo Lungguhe. Sipat kuwi Gelare utowo Dumadine. Sir, Dat, Sipat iku yo Urip, dadi iku Polahe, Obahe Utowo Lakune. Kulo Sejatine Satriyo/Wanito, iku Roso-Obah. Kulo kuwi anane laku. Wicaksono lakune Berbudi. Panguwoso lakune Tresno-anrisnani. dene sing nywun iku Roso-Obah. Kangge tumindakake kuwi Obah lan Roso. Sejatine Satriyo utowo Sejatine Wanito, Satriyo Sejati utowo Wanito Sejati, yo iku anane :
- Roso-Obah, Obah-Roso
- Roso-Obah, Obahe-Roso
- Roso-Kroso, Kroso-Roso

yo iku Wadah lan Isine-Isine lan Wadahe.
Kangge anyirnakake tumindak ingkang luput, iku tegese kangge anyirnakake tumindake dewe kang luput, mulo banjur Romo paring dawuh "Sopo kang temen-
temenan biso moco Kunci yekti dadi manungso kang eling temenan".

Patrape moco Kunci
Moco Kunci kuwi kudu Sungkem.
Patrap lungguh, tangan kiwo lan tengen katungkup nyawiji yo iku jempol tangan tengen lan kiwo gathuk. Semono ugo driji panuduh, panunggul, manis lan jentik ugu gathuk. Pucuk jempol loro-lorone dilungguhake ing bolangane irung.
Patrap sungkem iku mengku wigati, yo iku laku kumpul, laku ngakoni, laku eling.
Tumrap kang sungkem banjur eling marang purwaning dumadi laku kumpul, kumpule bopo lan biyung banjur ngakoni, tegese kroso yen kabeh iku ono kang nganakake lan ono kang kagungan, sing kagungan lan sing nganakake ora liyo mung Moho Suci. Moho Suci yo witing urip, mulo poro manungso elingo marang asale ono, datan mangerteni, datan ono tentrem. Lakune ono mung guyup rukun iku lungguhe katentreman. Asale manungso iku soko banyu urip, banyu kang dadi sipate, sipate ono blegere rogo.
Lengen kiwo tengen keangkat papak, papak pundak lan bahu kiwo tengen, dodo kaporo megar. Olehe lungguh mingkring-mingkring, dengkul lan sikil lurus lan rapet, dlamakan sikil sakarone tanpo nganggo lemek (mapak lemah), mulo moco Kunci kuwi kudu sungkem, tegese memundi marang suci-sucining suci, yo iku urip, yo sesembahan kang bener-benering bener. Tangan kiwo iku tegese kaki kang nggowo, dadi sanepane lanang, dene tengen kuwi kang ngetengake, dadi sanepane wadon. Driji limo tegese Sipat karo Urip, Sipat papat lan Urip siji. Sipat kuwi anane rogo, papat anane krungu, weruh, nggondo lan suworo. Rogo lanang lan wadon podo podo sipate, mulo lungguhe suko peling tumrape rogo, yo iku sangkan parane.
Dene jempol tegese Moho Kuwoso, panuduh iku kawah, panunggul iku jabang bayi, manis iku ari-ari, jentik iku Moho Suci, dadi jempol lan jentik kuwi lungguhe pambuko lan panutup, asale lan baline soko urip, baline menyang urip. Moho Kuwoso yo urip, Moho Suci yo urip, dadi pembukane soko urip panutupe yo urip. Dilungguhake ing bolongane irung, awit irung kuwi dalane napas, napas kuwi taline urip.
Dlamakan sikil roto midak lemah iku tegese kudu tumindak koyo watake bumi, yo sungkem marang bumi, sebab watake bumi kuwi jujur. Sungkem kuwi eling lan ngelingi, bumi kuwi kang menehi sandang lan pangan, lungguhe sabar narimo, ngalah kanti ikhlas, jujur, welas asih lan tresno anrisnani.
Mripat merem iku tegese ora nanggapi pakartine poncodriyo. Dengkul lan sikil lurus rapet tegese tumindak lan lakune temen-temenan, jujur, idep, madep, mantep. Yen wis katoto patrape banjur kunci diwoco sing bener temenan. Ono opo-opo Kunci, ora ono opo-opo yo kunci. Moco kunci ora keno diowahi, ora keno ditambahi utowo dikurangi, awit yen diowahi, ditambahi lan dikurangi rak dudu kunci. Mangertiyo jeneng siro, uni kuwi nggowo bentuk, unine kunci kuwi ateges sembah, pangertene ateges eling, nanging Kunci kuwi dewe dudu sembah lan dudu eling nanging kunci iku yo urip yo Moho Suci dewe. Yen ono manungso lagi moco kunci kuwi tegese rosone melek, roso melek kuwi dudu meleke angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo. Meleke angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo kuwi karep banjur weruh kahanan, kang dirembug wis gelar ono. Dene yen meleke roso iku tentrem, tentrem kuwi dudu turu yen turu roso anggulung.
Sikeping rogo rikolo moco kunci kuwi tangan kiwo lan tengen dilungguhake ing bolongane irung kuwi tegese sungkem, dengkul rapet dlamakn roto midak lemah kuwi mengkoni lan diwengku dening suci. Moco Kunci ora kanti sikep koyo mengkono kuwi yo keno mung wae laku lan tumindak lungguhe bedo amergo sikep kuwi anggowo tujuan, ugo moco kunci keno karo leyehan koyo dene patrape yen mapan turu kanti tangan kiwo tengen tetep sungkem, rogo sumeleh tegese rogo wis seleh dadi tegese yo tentrem.
Moco kunci nyuworo lan ora kuwi keno wae awit kang muni kuwi roso, mulo kunci kuwi lungguh ing roso. Bedane moco kunci kanti nyuworo ateges kaprungu yen ora nyuworo ora kaprungu nanging kang moco podo wae yo kuwi roso, mulo banjur tentrem. Bedane tentrem roso lan tentrem angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, tentrem roso kuwi ora ngrasakake opo-opo, tentrem angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo kuwi turu, tegese ora ngrasakake weruh, krungu nanging ora ngrasakake krungu. Moco Kunci kuwi ora mung yen arep mapan turu utowo tangi turu wae senajan pinuju mlaku, nglamun, adus, bebuwang lan liyo-liyane kuwi keno wae, awit kang ngunekake kunci kuwi roso dudu prakoro roso angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo. Moco kunci luwih soko kaping pitu kuwi apik, soyo akeh soyo becik, tegese eling temenan marang Romo.

Unine Kunci
Kunci Kuwi dudu unen-unen dudu uni, nanging kang mahanani uni, ora keno diowahi. Tumrap manungso kang durung antuk sabdo Midjil unen-unen Kunci ora mahanani opo-opo, tegese ora migunani lan ora maedahi mung dadi susunan sastro wae, kosok baline tumrap kang wis antuk sabdo midjil (kang wis dadi putro) kunci kuwi mahanani roso. Kunci kuwi witing Urip, Kunci lungguh ing roso, mulo Kunci olehe ngunekake ono ing roso. Kunci kuwi siji nanging diunekake kaping pitu (7) awit Kunci kuwi sembah roso pitu (7), yo kuwi sembahe Wulu, Kulit, Daging, Getih, Otot, Balung, Sum-sum, mulo putro kudu moco Kunci, iku tandane eling temenan, eling tegese ngakoni. Banjur ono pangerten kang sinebut sembah rogo, sembah sukmo, sembah roso. Sembah Rogo tegese kuwi idep, sembah sukmo kuwi tegese madep, sembah roso kuwi tegese tetep, dadi kabeh mau kuwi laku. Dene yen putro moco kunci kuwi tegese sembah urip, dadi wis tekan.
Moco Kunci sungkem kuwi kroso.

Lungguhe Kunci
Lungguhe Kunci sabdane Romo. Ono unen-unen Gusti Ingkang Moho Suci kaping loro, loro nanging siji yo kuwi pambuko lan panutup, laku lan lungguhe. Dene sing muni kulo nyuwun pangapuro iku Sir, Dat, Sipat. Dadi yen pancen wis podo biso ngrasakake unine kunci kuwi kumingsun, bab iki Romo dawuh mulo wacanen.
awit kuwi dudu wacan kanggo rogo, kuwi janjine urip marang urip, kuwi janjine roso marang roso. Saguh dadi satriyo kang temen-temenan biso moco kunci yekti dadi manungso kang eling temenan. Dadi gamblang ing kene, sopo sejatine kang nyuwun wicaksono, panguwoso sarto kangge anyirnakake tumindak ingkang luput mau, ora liyo yo Uripe dewe, mulo samengko banjur ono tetembungan "Urip nagih janji, Urip nagih janji Urip".
Mulo manungso kang durung eling, kang ora gelem eling bakal lebur tanpo dadi, tegese manungso kang durung duwe gondelan kunci. Mangertiyo jeneng siro kang dikersakake tumindakake dewe kuwi anglimputi angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, mulo bener manungso tan biso ngemohi angen-angen, awit manungso melek kuwi wis lakune angen-angen, bab iki Romo dawuh "ora ngilangake angen-angen naging nyegah", tembung nyegah tegese nipisake. Lungguhe bab unen-unen Kunci kuwi tegese ngrembug bab siji lan sijine dadi bab racikane yo kuwi kang kagungan. Mulo Kunci siji naging pitu (7) :

Siji kang Kagungan
Loro Lakune
Telu Lungguhe
Papat Asmo Putro
Limo Lakune
Enem Kawibawane
Pitu Mahanani

- Gusti Ingkang Moho Suci Dadi laku lan lungguhe
- Kulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci kuwi Lakune
- Sirolah, Datolah, Sipatolah kuwi Lungguhe
- Kulo sejanie satriyo/wanito kuwi Asmo Putro
- Nyuwun wicaksono, nyuwun panguwoso kuwi Lakune
- Kangge tumindake satriyo/wanito sejati kuwi Kawibawane
- Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput kuwi Mahanani

Mulo Romo dawuh putro kudu ora lali moco Kunci, awit yen putro kuwi moco Kunci
diwengku lamun ora tan diwengku, dene kang mengku yo kuwi :
Urip
Roso
Obah
Moho Suci

Kroso diwengku lan ora tan diwengku kuwi lungguhe ing roso awit kuwi laku, kang ora moco kunci banjur milar soko laku suci dene pikolehe wong laku suci kuwi tentrem, roso tentrem tumrape rogo koyo dene bayi kae rumongso tentrem yen digendong ibune. Roso tentrem kuwi lakune Gelar-Gulung, lakune Roso, Kroso,
Rumongso, Ngrasakake. Dadi terange moco Kunci tekan ing tentrem.
Bedane tembung tentrem lan Katentreman kuwi yen tentrem laku lan lungguhe roso, yen katentreman kuwi tujuan lego lan marem, mulo lego lan marem kuwi isih jeneng laku.
Moco Kunci kuwi ora keno sebagian-sebagian utowo sepotong-sepotong, senajan ing kono ono unen-unen surasane cunduk marang kahanan gelar, mulo yen mengkono harak banjur dudu Moho Suci. Opo to Moho Suci kuwi tumraping gelar? yo kuwi olo lan becik, yo kuwi kabeh kang ono lan ora ono, kabeh kang katon lan ora katon, kabeh kang bentuk lan ora bentuk, dene ono tetembungan yen Urip kuwi olo amargo Urip kuwi budeg, bisu, picak, dadi olo tumrape budi pakerti lan poncodriyo. Sebabe anggone budeg, bisu, picak kuwi amargo Urip ora mbutuhake samubarang, mulo Urip ora mbutuhake sembah. Dene putro tansah kedawuhan moco Kunci kuwi awit :
- Kunci kuwi Dudu Sembah
- Kunci kuwi Urip
- Kunci kuwi Moho Suci
- Kunci kuwi Witing Urip
- Kunci kuwi Witing Ono

Dadi moco kunci kuwi tegese ngelingi, ngelingi kuwi ora duwe pangarep-arep amargo eling kuwi dudu pangarep-arep. Urip kuwi kuwasane obah, lungguhe ing roso, kawicaksanane angen-angen tumrap ing budi pakerti lan poncodriyo, dene Roh Suci lungguh ing kabeh kuwi mau tegese kabeh kuwi mau dilenggahi Roh Suci. Mulo mengkono Kunci kuwi yo Roh Suci, awit rak wis didawuhake kunci kuwi sakabehe ono lan ora ono, kunci kuwi siji, urip yo siji, sipate siji gelare ngebeki jagad royo.
Moco kunci banjur kroso abot utowo mbentoyong ing roso kuwi tegese laku panebus, yo kuwi laku panebus pitung turunan, dene yen kroso abot utowo mbentoyong sajak ora gelem kuwi soko penggodane angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo awit banjur rumongso di taleni, mulo banjur tansah dilatih lan dikulinakake utowo yo dipekso. Tembung mekso kuwi ora apik utowo ora keno, ananging yen mekso angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo sing durung gelem moco kunci iku apik tegese ora olo utowo luput, dene mekso laku suci, mekso laku bener iku mau tegese ambrasto laku olo lan salah. Mangertiyo jeneng siro kunci kuwi laku njero dudu laku kanggo golek sandang pangan, pikolehe mung tentrem. Mulo yen moco kunci kanti roso kang menep banjur tangan sakarone ono obah tegese kunci kuwi laku, yo kuwi Lakune Urip, Obahe Urip, Kuwasane Urip, mulo wis diandarake yen obah kuwi nuduhake roso. Dene yen nganti luput moco unen-unen
kunci iku amargo angen-angen isih obah, yo kuwi kang ngerindu.
Mulo supoyo ora luput kudu dilungguhake disik angen-angen kang isih obah kuwi, kuwi jeneng lakune toto, titi banjur biso titis. Lagi moco kunci banjur kroso, umpamane arep nguyuh lan liyo-liyane kuwi ngerindu rasane opo ora? Mangertiyo kunci dewe dudu sembah, dudu prakoro angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, kang ngunekake Kunci kuwi Roso, dadi tembung batal kuwi ora ono, moco kunci karo opo wae keno amargo iki prakoro njero dudu prakoro njobo, prakoro kuwi tegese laku. Dene yen wong moco kunci banjur kedadak turu kuwi tegese roso wis anggulung, sebabe kebanjur turu amargo kurang toto, titi, nanging turu dewe kuwi becik amargo wis tentrem, yen moco kunci kudu ora ngrasakake opo-opo. Senajan krungu bocah nangis utowo liyo-liyane kang angerindu kudu ngrelakake sakabehe sebab Kunci kuwi panglebur samubarang. Yen arep mapan turu moco kunci ping pitu, sarto tangi turu moco kunci tetep kudu ping pitu iki ojo diowahi.
Moco kunci sinambi nguyuh utowo bebuwang ora opo-opo utowo kanggo rengeng-rengeng utowo tetembangan kuwi keno, tegese gawe padang, dene tanpo kroso kok banjur dumadakan utowo ndadak moco kunci tegese  kuwi ono kang lagi arep dilebur dening kunci, kunci keno digawe sopo wae kang lagi nandang pepetengan, lagi nandang ora tentrem amargo kunci kuwi gawe tentreme roso. Kabeh ngono kuwi soko kunci, tangan, sikil, mripat, cangkem, kuping sarto prabot liyane. Kuwi kabeh mau asale yo soko kunci, mulo kunci kuwi mahanani lan anganani, tegese tentrem tumrap gelar lan gulung. Putro ojo was sumelang lamun nemoni beboyo, kasangsaran, panalongso, keruwetan, kekisruhan lan liyo-liyane kang gawe roso ora tentrem. Waton putro podo tansah ngestokake dawuhe Romo, ono opo-opo kunci, ora ono opo-opo yo kunci nanging ojo cawe-cawe, ono opo-opo Romo kang mbengkas.

Moco Kunci kaping telu
Opo wigatine moco kunci kaping telu? Yen ono krodane anasir telu kang sinebut Sarine Banyu, Sarine Bumi, Sarine Geni yo kuwi kang anganani howo, kuwi bakalene sir, cipto, karsane rogo kang arep wani nyerang pepatuhe katentreman, tegese yo anasir dewe dadi yo napsune dewe. Mulo patrape moco kunci kaping telu sarto ndamu manduwur kaping telu kuwi tegese nyingkirake howo, temahan bakal mahanani lan anganani tentrem (Bab iki sing waspodo awit gelar-gulung romo kang mbengkas).
Mau diterangake naliko moco kunci kaping telu kuwi kanti patrap, patrap kuwi sikep, sikep kuwi karep utowo tujuan, dene olehe moco kebathinan utowo muni kuwi lungguhe, yen kebathinan utowo mbatin kuwi ngumpulake dadi nututi suworo njero, mangertiyo jeneng siro njero kuwi luwih disik ono ketimbang gelar. Dene yen kedadak makcul muni kamongko njero isi suwung (kosong) kok wis ono uni, tegese makcul kuwi roso gelar dudu batin, dudu tujuan, dudu sir, dudu karep, dudu karso, dudu kawicaksanan, mulo ing kono bedane kawicaksanane roso lan kawicaksanane angen-angen. Mulo kapriye larahe Romo mbiyen biso oleh kunci? kuwi yo ngono wae, awake dewe ora ngerti. Cobo naliko jabang bayi lahir banjur nggowo kunci, kariye lara-larahe? kuwi dudu pangento-ento si jabang bayi, kuwi nemplok ing sangisore wetenge si jabang bayi kanti ora disuwun, kanti ora diweruhi prabot kang maune ora dimangerteni sakdurunge tekan dewoso, dadi  urip dewe kang ngersakake, yo Moho Suci dewe kang ngersakake. Kapriye lan amergo opo lakune urip paring kunci Romo? kuwi tembunge mengkene : "jeneng siro kang pininto lan pinilih, amergo keno ngopo pininto lan pinilih?
- Urip dewe kang mangerti
- Urip dewe kang minto lan milih
- Urip dewe kang ngersakake
- Urip dewe kang kagungan karso

Mulo tembung yen midjil : "Panjenengan ingsun kagungan karso", dadi Moho Suci dewe, dadi yo urip dewe, dadi yo roso dewe kang paring warah Romo moco unen-unen kunci kuwi. Cobo sopo kang ngajari gumane si jabang bayi duwe kunci? sopo kang marah marang si jabang bayi nguyuh? wong tuane? wong liyo? ora! nanging uripe dewe. Dene boso opo naliko Moho Suci paring warah unine kunci, mangertiyo jeneng siro urip kuwi budeg, bisu, picak, banjur nganggo boso opo? Dadi kuwi lakune roso, kroso, rumongso lan ngrasakake. Naliko kuwi kroso nguyuh lan arep nguyuh opo ono suarane disik kang ngutus rogo banjur nguyuh, ora to? anane banjur kroso kudu nguyuh si rogo rasane banjur ngerti ngono wae, kahanan kuwi sinebut gaib gaibeng gaib, lakune sinebut gaib. Naliko semono Romo kroso dene rasane koyo wong kebelet nguyuh maune emoh amergo ngrumangsani bodoh, nanging mangertiyo jeneng siro kang ngajak nguyuh sarto kang marakake nguyuh sarto kang nguyuhake mau dudu purbowasesane rogo, mulo sedino biso ngempet nguyuh, rong dino, telung dino, patang dino, limang dino, enem dino, pitung dino.....wosonotan kuwagang ngempet maneh. Sakolo banjur midjil rikolo kuwi "dino senen pahing tanggal pat belas nopember sewu sangangatus seket limo jam enem limang menit". Ojo lali marang kunci, opo wae kunci, kunci kanggo opo wae. Putro rak wis podo ngerti opo guno lan paedahe kunci nanging Romo tansah dawuh....."ojo lali marang kunci, awit putro kuwi biso lali marang kunci yo kuwi ragane yen lagi turu.
Dene yen nganti kalimput banjur putro kuwi lali marang kunci banjur opo lan kapriye panebuse? mulo Romo dawuh kunci dudu utang-utangan dadi ora utang sarto ora ngutangake, tembung ojo lali tegese mung eling amrih surti ngati ati sarto toto titi titis. Umpamane yen banjur rumongso luput marang liyan yo kunci, yen mahanani roso tegese ngenani roso kuwi yo kunci tumindake yo kudu nyuwun pangapuro. Kosok baline yen puto ketemu poncoboyo gegamane yo kunci, hera-heru, gunung jeblug, segoro umeb, bumi goncang putro murih luput soko beboyo. Regejegan (guyon sing memel) penyapihe ora liyo yo Kunci awit banjur podo eling amergo isih akeh manungso kang nyandang susah, putro diunek-unekake uwong, putro ora lali banjur moco kunci. Kunci kuwi ora kanggo liyan nanging kunci kanggo nentremake awake dewe mulo Romo dawuh, "iki merdeka tegese marsudi marang katentreman dewe".
Rewele bocah amergo wong tuane durung tentrem, murih tentrem kunci, si bocah pasti banjur tentrem. Umpamane anak rewel, nagis banjur wong tuane moco kunci nanging si anak tetep isih rewel wae kuwi amergo kang moco kunci durung tentrem ateges anyidrani roso, kosok baline ketemu wong sakti umpamane tukang tenung, dukun gaib, ahli mantran lan liyo-liyane yo ora opo-opo wong mung ketemu. Mengko weruh tukang sulap gek banjur moco kunci, nonton wayang nedenge perang-perangan banjur moco Kunci, kuwi ora. Kunci tentrem sarto kanggo anentremake rasane dewe, awit yen tentrem biso kasembadan ing sediyo buktine wadah kang ora obah gampang diiseni, bumi yen digarap nganggo roso tentrem pasti bakal tukul ngrembuyung, wong tuwo kang rasane tansah tentrem ora diwedeni bocah, santen kang meneng ngenepake kanil, peresan telo pohong kang meneng ngumpulake lan ngenepake sari, musuh kang tanpo suworo biso mlebu sajroning benteng tanpo kaweruhan, kosok baline roso kang tentrem, landep rasane lamun ono opo-opo. Musuh kang tanpo suworo biso mlebu sajroning benteng tanpo kaweruhan tegese laku tentrem kuwi ngilihake kabeh panggondo, dadi moco kunci sak akeh-akehe kuwi keno lan malah apik, yen moco kunci kroso nelongso kuwi bener ateges kroso, amergo urip kuwi nelongso. Mulo jeneng siro mangertiyo :
1. Kunci kuwi Moho Suci, kang moco kuwi dudu rogone, kang moco kuwi rosone.
2. Kunci kuwi panglebur sarto banjur ngrelakake sakabehe yen isih darbe pangarep-arep.
3. Kunci dudu prabot kanggo golek pangupo jiwo lan sapodo-padane miturut ukuran angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo.
4. Mulo sopo kang sregep moco kunci ambuktekake eling marang Romo sarto banjur kinemulan, mongko Romo kuwi nelongso amergo urip tan mbutuhake kahanan njobo.
5. Kosok baline sopo kang ora moco kunci malah banjur sugih amergo ora kawengku, tegese angkoro murkane biso makarti.

Lakune moco Kunci
Patrape ragamu koyo sing wis diterangake. Pamacane unen-unen kunci kuwi ojo kesusu, sing alon-alon lan sing ceto saben sak tembung lan sakjerone moco mau geter-getering roso kang samubarat midjil soko keteging ragamu sumoromboh mring sakojur badanmu iku digatekake lan dirasakake kang temen-temenan amergo roso mau ora ajeg, tegese saben tembung nggowo roso dewe-dewe. Moco kunci kang sapisan, kapindo, kaping telu, kaping papat, kaping limi, kaping enem, kaping pitu iku bedo-bedo, saben sak tingkatan wacan iku jeneng siro sayanen titik-titik, mating roso kang rinoso, kang gumelar aneng ragamu kuwi, pangocape unen-unen ojo ono kang mindo sapisan ngucap bener lan kabeh sarwo titik, ojo ono tembung-tembung kang den owahi, aksoro sak aksoro tepatono selaras kanti kang pinilih, mulo iki gatekno. Sajroning moco kunci yen ragane nggeter yen tangane arso ngajak lepas soko grono iku tondo yen alam pikire isih glayangan, mulo alam pikirane sajrone moco unen-unen kunci iku tumuju marang unen-unen kang den ucapake sajroning tutuk opo sajroning bathin, dadi alam pikiran tinutup, naning ono telenging nolo ojo keluyuran tekan ngendi-endi dadi ing kono ono gemblenging roso, tembung sak tembung kang den ucapake tutno kanti alam pikirmu kosong iku toto carane moco kunci, mulo yen koyo mengkono jeneng siro bakal antuk neng klawan ning sakjerone moco kunci. Dene yen tanganmu ngajak obah polah kang maneko warno iku tondo alam pikiran isih durung jenak durung tentrem, iku isih dilimputi dening lelakonmu ing sedino-dinone, kesusahan utowo keruwetan bathinmu ing sajroning jeneng siro nandukake lakune dadi wong urip ing dino kuwi, kuwi ora keno babar pisan, dadi cekake pikiran kudu kosong blong tumuju marang siji yo kuwi unen-unene Kunci, mergo unen-unen mau bakal nggowo rasamu tumuju Roso Seajti, roso sejati kang njumbuhake klawan Sejatine Roso. Banjur ing kono jeneng siro bakal sumilak ono badanmu sak kojur, tegese jeneng siro bakal antuk mating roso sajroning jeneng siro moco kunci, yen mengkono kok tandukake pasti jeneng siro seneng moco Kunci, ora gampang banjur kepingin enggal-enggal rampung. Bathinmu yen tansah mbathin kunci ing ngendi wae papan dunungmu.
- Kunci kang dadi nering ciptamu.
- Kunci kang dadi gondelanmu.
- Kunci kang dadi lelandesane lakumu.

Mulo kuwi tak kandakake mengkono margo dasar-dasaring kuwi kunci.
- Kunci kang nggendong awakmu.
- Kunci kang yoso mring awakmu.
- Kunci kang bakal nggowo awakmu tumekane jagad anyar.

Mergo isine kunci iku tan liyo kejobo Moho Suci. Sakjrone jeneng siro podo nandukake kunci iku anuduhake lan anggambarake marang pangerten yen jeneng siro isih misahake antarane unen-unen lan roso-roso lan tumindak. Sejatine unen-unen lan roso-roso lan tumindak iku kudu siji, tumindak iku tegese pangucap muno-muni lan obahe-polahe ragamu iku kudu selaras, iku kudu ngrenggo lakumu, mergo jeneng siro nyuwun pangapuro tumrap dening luput iku lungguhe bener. Yen jeneng siro setiyo tuhu mring dawuh kang diarani bener kuwi ing kono lungguhing tumindak mobah polahing angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, obah polahing awakmu kang alelandasan klawan koyo mangkono kuwi pasti bener benering bener, umpamane jeneng siro geting, sirik, pindak ukoro, saru siku, gelo, kuciwo lan sapiturute iku gampang kok mangerteni margo bathinmu yo muni, munine nganggo tembung, tembunge yo ono rasamu. Yen rosomu ora cocok karo sabar narimo, ngalah kanti ikhlas, jujur, welas asih lan tresno anrisnani kuwi jeneng siro kudu enggal medot unine bathin kang koyo mengkono, penyapihe yo mung klawan kunci jeneng siro mung nyambat mring kunci banjur polahing wae kanti toto coro wicaraniro dewe-dewe, yen jeneng siro ora gelem kanggonan unen-unen bathin kang ora becik sabdane Moho Suci pasti bahtin muno-muni kang gawe gelar olo mau saknaliko sirno soko bathinmu, ing kono jeneng siro bakal dienggonake lakune bathinmu tumuju marang nering cipto kang gawe gelar becik, koyo mangkono kuwi kang anuwuhake gebyaring cahyo suci kang gilar-gilar, kang gawe toto lan tentreming bathinmu, kang gawe gelar pangaribowo, kang biso anuduhake lan ngrukunake manungso liyan marang awakmu, angluhurahake awakmu ing sajroning jeneng siro isih menangi lakon-lakon kang ora kepenak, ugo jeneng siro nggowo warisane leluhurmu kang durung resik kok resiki soko awakmu, mergo mangertiyo jeneng siro ora mung maris rejeki soko wong tuwoniro lan ugo kaluputane wong tuamu,

leluhurmu ugo kok gowo, iku biso resik mergo lantaran jeneng siro :
- Tansah ngundi mring Kunci
- Tansah eling mring Kunci
- Tansah ngucapake Kunci.

yo iku kang diarani babat-babat alas gung liwang-liwung kanggo anyirnakake luput, kanggo angluhurake bener. Yen durung resik temenan awakmu soko pamotahing angkoro murko kang wujud unen-unen bathin, cilike gedene ngobahake ragane iku kudu kunci, dadi metune bathinmu iku tansah ngundi ing kasampurnanmu dewe. Ing kono ora ono wong liyo kang biso mbantu marang jeneng siro yo mung jeneng siro dewe kang kudu biso gumregah tangi, emoh nindakake luput nanging njumenengake kang bener, laku kang koyo mengkono iku kang diarani "jeneng siro mbangun yudho", yudho opo? brotoyudho joyo binangun, yo kuwi perang suci kang sunyoto lan sapto bumi. Jeneng siro njumenengake adiliro, nglungguhake suciniro, njumenengake suciniro ing kono pangaribawane tansah pasti gelar-gumelar yo kabeh manungso kang podo tresno marang jeneng siro amergo iku obahing putro, rogo kang tansah tuwuh-manuwuh ngarsane Moho Suci. Iku gatekno sing temenan.

SEPENGGAL SEJARAH

Bapak M. Semono Sastrohadijoyo "Kanugrahan (berketempatan)" menerima wahyu Eko Buwono, pada tanggal 14 Nopember 1955, jam 18.05 bertepatan pada hari Senin Pahing di Surabaya, pada kesatuan diri pribadi Bapak M Semono Sastrohadijoyo telah jumeneng dalem Kanjeng Romo Prabu Gusti Herucokro, peristiwa atau kejadian tersebut oleh beliau disebutnya "KANJENG ROMO PRABU GUSTI HERUCOKRO MIDJIL SOKO ALAS KETONGGO".
Dalam kurun waktu 26 Tahun (14 Nopember 1955 - 3 Maret 1981) Kanjeng Romo telah paring (memberikan) kepada Putro-putronya, yang oleh beliau disebutnya sebagai : Sabdo, Pangandiko, Pitutur atau Wulang wuruk, yang dalam bentuknya (wujud) nampak pada indera manusia, dan pada tanggal 29 April 1978 satu-satunya sabdo yang beliau tulis adalah "Sabdo Honocoroko" yang arti tulisannya adalah "Romo Mangestoni Putro Putro Kudu Ngakoni Putro Romo", maka pada setiap tanggal 29 April diperingati sebagai Peringatan Sabdo Honocoroko.
Kesemuanya berupa unen-unen atau tetembungan (kata-kata atau kalimat) yang kadang-kadang, bahkan pada umumnya sangat sulit dimengerti makna atau arti kata-katanya, justru disitulah letak kekhasan peparingannya, bahwa apa yang diberikan itu lungguhnya (tempatnya) bukanlah pada pangerten (pengertiannya), tetapi pada ROSO SEJATI - SEJATINE ROSO.
Pernyataan beliau saat Mijil, menyatakan bahwa “Ingsun” Mijil, arso nyungsang bawono balik, arso nggelar jagat anyar. Ingsun (bukan aku atau saya) mijil hendak memutar-balikkan jagad anyar (maksudnya jagat kecil, pribadi manusia), dan hendak menggelarkan dunia baru. Artinya, kalau selama ini, kita selalu memperbudak hidup, selanjutnya
dibalik, kita sebagai manusia akan menjadi abdinya Sang Hidup.
Kanjeng Romo Prabu Gusti Herucokro disimbolkan dengan wujud Bapak M. Semono Sastrohadijojo (1900 - 1981), beliau mampu menyatukan kekuatan jagad kecil (diri manusia) dengan kekuatan jagad besar (alam semesta). Sejak saat itu Kanjeng Romo memberikan siapapun yang menghendaki Urip Sejati Sejatine Urip, Hidup bahagia (Sabar, Narimo, Iklhas, Tresno, Welas Asih, kanti Ngalah), agar bisa mencapai “Kasampurnan Jati” (moksha atau sirna) jika seseorang meninggal jasad dan rohnya menyatu pada saatnya.

URIP SEJATI SEJATINE URIP