Elingo jenengsiro putraningsun asaliro ono iki soko manunggaling roso sejati, duk naliko manunggaling bopo lan ibuniro, sakarone manunggal sawiji, rangkul-rinangkul, tan purun pisah jaji, lamun roso sakarone durung midjil, lha iku ananiro ing madyo, podo marmo jenengsiro ojo wani-wani marang wong tuwoniro, yektine kang anjangkung klawan dadio pepayungiro sinebut payung tunggal jati.

Selasa, 17 Juli 2012

KUNCI

Gusti Ingkang Moho SuciKulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci
Sirollah datollah sipatollah
Kulo sejatine satriyo
Nyuwun wicaksono, nyuwun panguwoso
Kangge tumindake satriyo sejati
Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput.
Kunci kuwi witing Urip

Iku tegese wiwitane ono urip, yen diucapake kanti alon wit ing urip, urip kang lungguh ing urip iku sinebut Moho Suci. Moho Suci kuwi tegese kumpule kabeh kang suci. Opo ora nyoto yen urip iku langgeng, tuwuh-manuwuh, trubus-manrubus.
Roso kabeh kuwi Romo, lungguhe ing rogo, yo roh lan komo iku yo urip. Dene mono kang mengkoni mono kuwi tunggal, esa utowo siji. Mulo kabeh ono lan ora ono ing saindenge royo kuwi winengko mau dening mono, banjur ono tetembungan "Gede-gedene gunung yo semono, duwur-duwure langit yo semono, cilik-cilike tengu yo semono", dadi kabeh kuwi winengkonan semono, mulo banjur ono sebutan asmo putro, jalaran kuwi kang nglimputi jagad royo iki, opo ora urip? dene kang kagungan mono kabeh mau. Kunci kuwi lungguh ing roso, dene sing nglungguhake iku sabdane Romo. Ing Kunci ono ucapan Gusti Ingkang Moho Suci nganti kaping pindo, iku tegese loro nanging siji yo kuwi Pambuko lan Panutup yo Laku lan Lungguhe, dene sing nyuwun pangapuro iku Sir, Dat, Sipat (Sirolah, Datolah, Sipatolah). Sir kuwi Obahe utowo Kuwasane laku. Dat kuwi Gemblenge utowo Tetepe yo utowo Lungguhe. Sipat kuwi Gelare utowo Dumadine. Sir, Dat, Sipat iku yo Urip, dadi iku Polahe, Obahe Utowo Lakune. Kulo Sejatine Satriyo/Wanito, iku Roso-Obah. Kulo kuwi anane laku. Wicaksono lakune Berbudi. Panguwoso lakune Tresno-anrisnani. dene sing nywun iku Roso-Obah. Kangge tumindakake kuwi Obah lan Roso. Sejatine Satriyo utowo Sejatine Wanito, Satriyo Sejati utowo Wanito Sejati, yo iku anane :
- Roso-Obah, Obah-Roso
- Roso-Obah, Obahe-Roso
- Roso-Kroso, Kroso-Roso

yo iku Wadah lan Isine-Isine lan Wadahe.
Kangge anyirnakake tumindak ingkang luput, iku tegese kangge anyirnakake tumindake dewe kang luput, mulo banjur Romo paring dawuh "Sopo kang temen-
temenan biso moco Kunci yekti dadi manungso kang eling temenan".

Patrape moco Kunci
Moco Kunci kuwi kudu Sungkem.
Patrap lungguh, tangan kiwo lan tengen katungkup nyawiji yo iku jempol tangan tengen lan kiwo gathuk. Semono ugo driji panuduh, panunggul, manis lan jentik ugu gathuk. Pucuk jempol loro-lorone dilungguhake ing bolangane irung.
Patrap sungkem iku mengku wigati, yo iku laku kumpul, laku ngakoni, laku eling.
Tumrap kang sungkem banjur eling marang purwaning dumadi laku kumpul, kumpule bopo lan biyung banjur ngakoni, tegese kroso yen kabeh iku ono kang nganakake lan ono kang kagungan, sing kagungan lan sing nganakake ora liyo mung Moho Suci. Moho Suci yo witing urip, mulo poro manungso elingo marang asale ono, datan mangerteni, datan ono tentrem. Lakune ono mung guyup rukun iku lungguhe katentreman. Asale manungso iku soko banyu urip, banyu kang dadi sipate, sipate ono blegere rogo.
Lengen kiwo tengen keangkat papak, papak pundak lan bahu kiwo tengen, dodo kaporo megar. Olehe lungguh mingkring-mingkring, dengkul lan sikil lurus lan rapet, dlamakan sikil sakarone tanpo nganggo lemek (mapak lemah), mulo moco Kunci kuwi kudu sungkem, tegese memundi marang suci-sucining suci, yo iku urip, yo sesembahan kang bener-benering bener. Tangan kiwo iku tegese kaki kang nggowo, dadi sanepane lanang, dene tengen kuwi kang ngetengake, dadi sanepane wadon. Driji limo tegese Sipat karo Urip, Sipat papat lan Urip siji. Sipat kuwi anane rogo, papat anane krungu, weruh, nggondo lan suworo. Rogo lanang lan wadon podo podo sipate, mulo lungguhe suko peling tumrape rogo, yo iku sangkan parane.
Dene jempol tegese Moho Kuwoso, panuduh iku kawah, panunggul iku jabang bayi, manis iku ari-ari, jentik iku Moho Suci, dadi jempol lan jentik kuwi lungguhe pambuko lan panutup, asale lan baline soko urip, baline menyang urip. Moho Kuwoso yo urip, Moho Suci yo urip, dadi pembukane soko urip panutupe yo urip. Dilungguhake ing bolongane irung, awit irung kuwi dalane napas, napas kuwi taline urip.
Dlamakan sikil roto midak lemah iku tegese kudu tumindak koyo watake bumi, yo sungkem marang bumi, sebab watake bumi kuwi jujur. Sungkem kuwi eling lan ngelingi, bumi kuwi kang menehi sandang lan pangan, lungguhe sabar narimo, ngalah kanti ikhlas, jujur, welas asih lan tresno anrisnani.
Mripat merem iku tegese ora nanggapi pakartine poncodriyo. Dengkul lan sikil lurus rapet tegese tumindak lan lakune temen-temenan, jujur, idep, madep, mantep. Yen wis katoto patrape banjur kunci diwoco sing bener temenan. Ono opo-opo Kunci, ora ono opo-opo yo kunci. Moco kunci ora keno diowahi, ora keno ditambahi utowo dikurangi, awit yen diowahi, ditambahi lan dikurangi rak dudu kunci. Mangertiyo jeneng siro, uni kuwi nggowo bentuk, unine kunci kuwi ateges sembah, pangertene ateges eling, nanging Kunci kuwi dewe dudu sembah lan dudu eling nanging kunci iku yo urip yo Moho Suci dewe. Yen ono manungso lagi moco kunci kuwi tegese rosone melek, roso melek kuwi dudu meleke angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo. Meleke angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo kuwi karep banjur weruh kahanan, kang dirembug wis gelar ono. Dene yen meleke roso iku tentrem, tentrem kuwi dudu turu yen turu roso anggulung.
Sikeping rogo rikolo moco kunci kuwi tangan kiwo lan tengen dilungguhake ing bolongane irung kuwi tegese sungkem, dengkul rapet dlamakn roto midak lemah kuwi mengkoni lan diwengku dening suci. Moco Kunci ora kanti sikep koyo mengkono kuwi yo keno mung wae laku lan tumindak lungguhe bedo amergo sikep kuwi anggowo tujuan, ugo moco kunci keno karo leyehan koyo dene patrape yen mapan turu kanti tangan kiwo tengen tetep sungkem, rogo sumeleh tegese rogo wis seleh dadi tegese yo tentrem.
Moco kunci nyuworo lan ora kuwi keno wae awit kang muni kuwi roso, mulo kunci kuwi lungguh ing roso. Bedane moco kunci kanti nyuworo ateges kaprungu yen ora nyuworo ora kaprungu nanging kang moco podo wae yo kuwi roso, mulo banjur tentrem. Bedane tentrem roso lan tentrem angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, tentrem roso kuwi ora ngrasakake opo-opo, tentrem angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo kuwi turu, tegese ora ngrasakake weruh, krungu nanging ora ngrasakake krungu. Moco Kunci kuwi ora mung yen arep mapan turu utowo tangi turu wae senajan pinuju mlaku, nglamun, adus, bebuwang lan liyo-liyane kuwi keno wae, awit kang ngunekake kunci kuwi roso dudu prakoro roso angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo. Moco kunci luwih soko kaping pitu kuwi apik, soyo akeh soyo becik, tegese eling temenan marang Romo.

Unine Kunci
Kunci Kuwi dudu unen-unen dudu uni, nanging kang mahanani uni, ora keno diowahi. Tumrap manungso kang durung antuk sabdo Midjil unen-unen Kunci ora mahanani opo-opo, tegese ora migunani lan ora maedahi mung dadi susunan sastro wae, kosok baline tumrap kang wis antuk sabdo midjil (kang wis dadi putro) kunci kuwi mahanani roso. Kunci kuwi witing Urip, Kunci lungguh ing roso, mulo Kunci olehe ngunekake ono ing roso. Kunci kuwi siji nanging diunekake kaping pitu (7) awit Kunci kuwi sembah roso pitu (7), yo kuwi sembahe Wulu, Kulit, Daging, Getih, Otot, Balung, Sum-sum, mulo putro kudu moco Kunci, iku tandane eling temenan, eling tegese ngakoni. Banjur ono pangerten kang sinebut sembah rogo, sembah sukmo, sembah roso. Sembah Rogo tegese kuwi idep, sembah sukmo kuwi tegese madep, sembah roso kuwi tegese tetep, dadi kabeh mau kuwi laku. Dene yen putro moco kunci kuwi tegese sembah urip, dadi wis tekan.
Moco Kunci sungkem kuwi kroso.

Lungguhe Kunci
Lungguhe Kunci sabdane Romo. Ono unen-unen Gusti Ingkang Moho Suci kaping loro, loro nanging siji yo kuwi pambuko lan panutup, laku lan lungguhe. Dene sing muni kulo nyuwun pangapuro iku Sir, Dat, Sipat. Dadi yen pancen wis podo biso ngrasakake unine kunci kuwi kumingsun, bab iki Romo dawuh mulo wacanen.
awit kuwi dudu wacan kanggo rogo, kuwi janjine urip marang urip, kuwi janjine roso marang roso. Saguh dadi satriyo kang temen-temenan biso moco kunci yekti dadi manungso kang eling temenan. Dadi gamblang ing kene, sopo sejatine kang nyuwun wicaksono, panguwoso sarto kangge anyirnakake tumindak ingkang luput mau, ora liyo yo Uripe dewe, mulo samengko banjur ono tetembungan "Urip nagih janji, Urip nagih janji Urip".
Mulo manungso kang durung eling, kang ora gelem eling bakal lebur tanpo dadi, tegese manungso kang durung duwe gondelan kunci. Mangertiyo jeneng siro kang dikersakake tumindakake dewe kuwi anglimputi angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, mulo bener manungso tan biso ngemohi angen-angen, awit manungso melek kuwi wis lakune angen-angen, bab iki Romo dawuh "ora ngilangake angen-angen naging nyegah", tembung nyegah tegese nipisake. Lungguhe bab unen-unen Kunci kuwi tegese ngrembug bab siji lan sijine dadi bab racikane yo kuwi kang kagungan. Mulo Kunci siji naging pitu (7) :

Siji kang Kagungan
Loro Lakune
Telu Lungguhe
Papat Asmo Putro
Limo Lakune
Enem Kawibawane
Pitu Mahanani

- Gusti Ingkang Moho Suci Dadi laku lan lungguhe
- Kulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci kuwi Lakune
- Sirolah, Datolah, Sipatolah kuwi Lungguhe
- Kulo sejanie satriyo/wanito kuwi Asmo Putro
- Nyuwun wicaksono, nyuwun panguwoso kuwi Lakune
- Kangge tumindake satriyo/wanito sejati kuwi Kawibawane
- Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput kuwi Mahanani

Mulo Romo dawuh putro kudu ora lali moco Kunci, awit yen putro kuwi moco Kunci
diwengku lamun ora tan diwengku, dene kang mengku yo kuwi :
Urip
Roso
Obah
Moho Suci

Kroso diwengku lan ora tan diwengku kuwi lungguhe ing roso awit kuwi laku, kang ora moco kunci banjur milar soko laku suci dene pikolehe wong laku suci kuwi tentrem, roso tentrem tumrape rogo koyo dene bayi kae rumongso tentrem yen digendong ibune. Roso tentrem kuwi lakune Gelar-Gulung, lakune Roso, Kroso,
Rumongso, Ngrasakake. Dadi terange moco Kunci tekan ing tentrem.
Bedane tembung tentrem lan Katentreman kuwi yen tentrem laku lan lungguhe roso, yen katentreman kuwi tujuan lego lan marem, mulo lego lan marem kuwi isih jeneng laku.
Moco Kunci kuwi ora keno sebagian-sebagian utowo sepotong-sepotong, senajan ing kono ono unen-unen surasane cunduk marang kahanan gelar, mulo yen mengkono harak banjur dudu Moho Suci. Opo to Moho Suci kuwi tumraping gelar? yo kuwi olo lan becik, yo kuwi kabeh kang ono lan ora ono, kabeh kang katon lan ora katon, kabeh kang bentuk lan ora bentuk, dene ono tetembungan yen Urip kuwi olo amargo Urip kuwi budeg, bisu, picak, dadi olo tumrape budi pakerti lan poncodriyo. Sebabe anggone budeg, bisu, picak kuwi amargo Urip ora mbutuhake samubarang, mulo Urip ora mbutuhake sembah. Dene putro tansah kedawuhan moco Kunci kuwi awit :
- Kunci kuwi Dudu Sembah
- Kunci kuwi Urip
- Kunci kuwi Moho Suci
- Kunci kuwi Witing Urip
- Kunci kuwi Witing Ono

Dadi moco kunci kuwi tegese ngelingi, ngelingi kuwi ora duwe pangarep-arep amargo eling kuwi dudu pangarep-arep. Urip kuwi kuwasane obah, lungguhe ing roso, kawicaksanane angen-angen tumrap ing budi pakerti lan poncodriyo, dene Roh Suci lungguh ing kabeh kuwi mau tegese kabeh kuwi mau dilenggahi Roh Suci. Mulo mengkono Kunci kuwi yo Roh Suci, awit rak wis didawuhake kunci kuwi sakabehe ono lan ora ono, kunci kuwi siji, urip yo siji, sipate siji gelare ngebeki jagad royo.
Moco kunci banjur kroso abot utowo mbentoyong ing roso kuwi tegese laku panebus, yo kuwi laku panebus pitung turunan, dene yen kroso abot utowo mbentoyong sajak ora gelem kuwi soko penggodane angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo awit banjur rumongso di taleni, mulo banjur tansah dilatih lan dikulinakake utowo yo dipekso. Tembung mekso kuwi ora apik utowo ora keno, ananging yen mekso angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo sing durung gelem moco kunci iku apik tegese ora olo utowo luput, dene mekso laku suci, mekso laku bener iku mau tegese ambrasto laku olo lan salah. Mangertiyo jeneng siro kunci kuwi laku njero dudu laku kanggo golek sandang pangan, pikolehe mung tentrem. Mulo yen moco kunci kanti roso kang menep banjur tangan sakarone ono obah tegese kunci kuwi laku, yo kuwi Lakune Urip, Obahe Urip, Kuwasane Urip, mulo wis diandarake yen obah kuwi nuduhake roso. Dene yen nganti luput moco unen-unen
kunci iku amargo angen-angen isih obah, yo kuwi kang ngerindu.
Mulo supoyo ora luput kudu dilungguhake disik angen-angen kang isih obah kuwi, kuwi jeneng lakune toto, titi banjur biso titis. Lagi moco kunci banjur kroso, umpamane arep nguyuh lan liyo-liyane kuwi ngerindu rasane opo ora? Mangertiyo kunci dewe dudu sembah, dudu prakoro angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, kang ngunekake Kunci kuwi Roso, dadi tembung batal kuwi ora ono, moco kunci karo opo wae keno amargo iki prakoro njero dudu prakoro njobo, prakoro kuwi tegese laku. Dene yen wong moco kunci banjur kedadak turu kuwi tegese roso wis anggulung, sebabe kebanjur turu amargo kurang toto, titi, nanging turu dewe kuwi becik amargo wis tentrem, yen moco kunci kudu ora ngrasakake opo-opo. Senajan krungu bocah nangis utowo liyo-liyane kang angerindu kudu ngrelakake sakabehe sebab Kunci kuwi panglebur samubarang. Yen arep mapan turu moco kunci ping pitu, sarto tangi turu moco kunci tetep kudu ping pitu iki ojo diowahi.
Moco kunci sinambi nguyuh utowo bebuwang ora opo-opo utowo kanggo rengeng-rengeng utowo tetembangan kuwi keno, tegese gawe padang, dene tanpo kroso kok banjur dumadakan utowo ndadak moco kunci tegese  kuwi ono kang lagi arep dilebur dening kunci, kunci keno digawe sopo wae kang lagi nandang pepetengan, lagi nandang ora tentrem amargo kunci kuwi gawe tentreme roso. Kabeh ngono kuwi soko kunci, tangan, sikil, mripat, cangkem, kuping sarto prabot liyane. Kuwi kabeh mau asale yo soko kunci, mulo kunci kuwi mahanani lan anganani, tegese tentrem tumrap gelar lan gulung. Putro ojo was sumelang lamun nemoni beboyo, kasangsaran, panalongso, keruwetan, kekisruhan lan liyo-liyane kang gawe roso ora tentrem. Waton putro podo tansah ngestokake dawuhe Romo, ono opo-opo kunci, ora ono opo-opo yo kunci nanging ojo cawe-cawe, ono opo-opo Romo kang mbengkas.

Moco Kunci kaping telu
Opo wigatine moco kunci kaping telu? Yen ono krodane anasir telu kang sinebut Sarine Banyu, Sarine Bumi, Sarine Geni yo kuwi kang anganani howo, kuwi bakalene sir, cipto, karsane rogo kang arep wani nyerang pepatuhe katentreman, tegese yo anasir dewe dadi yo napsune dewe. Mulo patrape moco kunci kaping telu sarto ndamu manduwur kaping telu kuwi tegese nyingkirake howo, temahan bakal mahanani lan anganani tentrem (Bab iki sing waspodo awit gelar-gulung romo kang mbengkas).
Mau diterangake naliko moco kunci kaping telu kuwi kanti patrap, patrap kuwi sikep, sikep kuwi karep utowo tujuan, dene olehe moco kebathinan utowo muni kuwi lungguhe, yen kebathinan utowo mbatin kuwi ngumpulake dadi nututi suworo njero, mangertiyo jeneng siro njero kuwi luwih disik ono ketimbang gelar. Dene yen kedadak makcul muni kamongko njero isi suwung (kosong) kok wis ono uni, tegese makcul kuwi roso gelar dudu batin, dudu tujuan, dudu sir, dudu karep, dudu karso, dudu kawicaksanan, mulo ing kono bedane kawicaksanane roso lan kawicaksanane angen-angen. Mulo kapriye larahe Romo mbiyen biso oleh kunci? kuwi yo ngono wae, awake dewe ora ngerti. Cobo naliko jabang bayi lahir banjur nggowo kunci, kariye lara-larahe? kuwi dudu pangento-ento si jabang bayi, kuwi nemplok ing sangisore wetenge si jabang bayi kanti ora disuwun, kanti ora diweruhi prabot kang maune ora dimangerteni sakdurunge tekan dewoso, dadi  urip dewe kang ngersakake, yo Moho Suci dewe kang ngersakake. Kapriye lan amergo opo lakune urip paring kunci Romo? kuwi tembunge mengkene : "jeneng siro kang pininto lan pinilih, amergo keno ngopo pininto lan pinilih?
- Urip dewe kang mangerti
- Urip dewe kang minto lan milih
- Urip dewe kang ngersakake
- Urip dewe kang kagungan karso

Mulo tembung yen midjil : "Panjenengan ingsun kagungan karso", dadi Moho Suci dewe, dadi yo urip dewe, dadi yo roso dewe kang paring warah Romo moco unen-unen kunci kuwi. Cobo sopo kang ngajari gumane si jabang bayi duwe kunci? sopo kang marah marang si jabang bayi nguyuh? wong tuane? wong liyo? ora! nanging uripe dewe. Dene boso opo naliko Moho Suci paring warah unine kunci, mangertiyo jeneng siro urip kuwi budeg, bisu, picak, banjur nganggo boso opo? Dadi kuwi lakune roso, kroso, rumongso lan ngrasakake. Naliko kuwi kroso nguyuh lan arep nguyuh opo ono suarane disik kang ngutus rogo banjur nguyuh, ora to? anane banjur kroso kudu nguyuh si rogo rasane banjur ngerti ngono wae, kahanan kuwi sinebut gaib gaibeng gaib, lakune sinebut gaib. Naliko semono Romo kroso dene rasane koyo wong kebelet nguyuh maune emoh amergo ngrumangsani bodoh, nanging mangertiyo jeneng siro kang ngajak nguyuh sarto kang marakake nguyuh sarto kang nguyuhake mau dudu purbowasesane rogo, mulo sedino biso ngempet nguyuh, rong dino, telung dino, patang dino, limang dino, enem dino, pitung dino.....wosonotan kuwagang ngempet maneh. Sakolo banjur midjil rikolo kuwi "dino senen pahing tanggal pat belas nopember sewu sangangatus seket limo jam enem limang menit". Ojo lali marang kunci, opo wae kunci, kunci kanggo opo wae. Putro rak wis podo ngerti opo guno lan paedahe kunci nanging Romo tansah dawuh....."ojo lali marang kunci, awit putro kuwi biso lali marang kunci yo kuwi ragane yen lagi turu.
Dene yen nganti kalimput banjur putro kuwi lali marang kunci banjur opo lan kapriye panebuse? mulo Romo dawuh kunci dudu utang-utangan dadi ora utang sarto ora ngutangake, tembung ojo lali tegese mung eling amrih surti ngati ati sarto toto titi titis. Umpamane yen banjur rumongso luput marang liyan yo kunci, yen mahanani roso tegese ngenani roso kuwi yo kunci tumindake yo kudu nyuwun pangapuro. Kosok baline yen puto ketemu poncoboyo gegamane yo kunci, hera-heru, gunung jeblug, segoro umeb, bumi goncang putro murih luput soko beboyo. Regejegan (guyon sing memel) penyapihe ora liyo yo Kunci awit banjur podo eling amergo isih akeh manungso kang nyandang susah, putro diunek-unekake uwong, putro ora lali banjur moco kunci. Kunci kuwi ora kanggo liyan nanging kunci kanggo nentremake awake dewe mulo Romo dawuh, "iki merdeka tegese marsudi marang katentreman dewe".
Rewele bocah amergo wong tuane durung tentrem, murih tentrem kunci, si bocah pasti banjur tentrem. Umpamane anak rewel, nagis banjur wong tuane moco kunci nanging si anak tetep isih rewel wae kuwi amergo kang moco kunci durung tentrem ateges anyidrani roso, kosok baline ketemu wong sakti umpamane tukang tenung, dukun gaib, ahli mantran lan liyo-liyane yo ora opo-opo wong mung ketemu. Mengko weruh tukang sulap gek banjur moco kunci, nonton wayang nedenge perang-perangan banjur moco Kunci, kuwi ora. Kunci tentrem sarto kanggo anentremake rasane dewe, awit yen tentrem biso kasembadan ing sediyo buktine wadah kang ora obah gampang diiseni, bumi yen digarap nganggo roso tentrem pasti bakal tukul ngrembuyung, wong tuwo kang rasane tansah tentrem ora diwedeni bocah, santen kang meneng ngenepake kanil, peresan telo pohong kang meneng ngumpulake lan ngenepake sari, musuh kang tanpo suworo biso mlebu sajroning benteng tanpo kaweruhan, kosok baline roso kang tentrem, landep rasane lamun ono opo-opo. Musuh kang tanpo suworo biso mlebu sajroning benteng tanpo kaweruhan tegese laku tentrem kuwi ngilihake kabeh panggondo, dadi moco kunci sak akeh-akehe kuwi keno lan malah apik, yen moco kunci kroso nelongso kuwi bener ateges kroso, amergo urip kuwi nelongso. Mulo jeneng siro mangertiyo :
1. Kunci kuwi Moho Suci, kang moco kuwi dudu rogone, kang moco kuwi rosone.
2. Kunci kuwi panglebur sarto banjur ngrelakake sakabehe yen isih darbe pangarep-arep.
3. Kunci dudu prabot kanggo golek pangupo jiwo lan sapodo-padane miturut ukuran angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo.
4. Mulo sopo kang sregep moco kunci ambuktekake eling marang Romo sarto banjur kinemulan, mongko Romo kuwi nelongso amergo urip tan mbutuhake kahanan njobo.
5. Kosok baline sopo kang ora moco kunci malah banjur sugih amergo ora kawengku, tegese angkoro murkane biso makarti.

Lakune moco Kunci
Patrape ragamu koyo sing wis diterangake. Pamacane unen-unen kunci kuwi ojo kesusu, sing alon-alon lan sing ceto saben sak tembung lan sakjerone moco mau geter-getering roso kang samubarat midjil soko keteging ragamu sumoromboh mring sakojur badanmu iku digatekake lan dirasakake kang temen-temenan amergo roso mau ora ajeg, tegese saben tembung nggowo roso dewe-dewe. Moco kunci kang sapisan, kapindo, kaping telu, kaping papat, kaping limi, kaping enem, kaping pitu iku bedo-bedo, saben sak tingkatan wacan iku jeneng siro sayanen titik-titik, mating roso kang rinoso, kang gumelar aneng ragamu kuwi, pangocape unen-unen ojo ono kang mindo sapisan ngucap bener lan kabeh sarwo titik, ojo ono tembung-tembung kang den owahi, aksoro sak aksoro tepatono selaras kanti kang pinilih, mulo iki gatekno. Sajroning moco kunci yen ragane nggeter yen tangane arso ngajak lepas soko grono iku tondo yen alam pikire isih glayangan, mulo alam pikirane sajrone moco unen-unen kunci iku tumuju marang unen-unen kang den ucapake sajroning tutuk opo sajroning bathin, dadi alam pikiran tinutup, naning ono telenging nolo ojo keluyuran tekan ngendi-endi dadi ing kono ono gemblenging roso, tembung sak tembung kang den ucapake tutno kanti alam pikirmu kosong iku toto carane moco kunci, mulo yen koyo mengkono jeneng siro bakal antuk neng klawan ning sakjerone moco kunci. Dene yen tanganmu ngajak obah polah kang maneko warno iku tondo alam pikiran isih durung jenak durung tentrem, iku isih dilimputi dening lelakonmu ing sedino-dinone, kesusahan utowo keruwetan bathinmu ing sajroning jeneng siro nandukake lakune dadi wong urip ing dino kuwi, kuwi ora keno babar pisan, dadi cekake pikiran kudu kosong blong tumuju marang siji yo kuwi unen-unene Kunci, mergo unen-unen mau bakal nggowo rasamu tumuju Roso Seajti, roso sejati kang njumbuhake klawan Sejatine Roso. Banjur ing kono jeneng siro bakal sumilak ono badanmu sak kojur, tegese jeneng siro bakal antuk mating roso sajroning jeneng siro moco kunci, yen mengkono kok tandukake pasti jeneng siro seneng moco Kunci, ora gampang banjur kepingin enggal-enggal rampung. Bathinmu yen tansah mbathin kunci ing ngendi wae papan dunungmu.
- Kunci kang dadi nering ciptamu.
- Kunci kang dadi gondelanmu.
- Kunci kang dadi lelandesane lakumu.

Mulo kuwi tak kandakake mengkono margo dasar-dasaring kuwi kunci.
- Kunci kang nggendong awakmu.
- Kunci kang yoso mring awakmu.
- Kunci kang bakal nggowo awakmu tumekane jagad anyar.

Mergo isine kunci iku tan liyo kejobo Moho Suci. Sakjrone jeneng siro podo nandukake kunci iku anuduhake lan anggambarake marang pangerten yen jeneng siro isih misahake antarane unen-unen lan roso-roso lan tumindak. Sejatine unen-unen lan roso-roso lan tumindak iku kudu siji, tumindak iku tegese pangucap muno-muni lan obahe-polahe ragamu iku kudu selaras, iku kudu ngrenggo lakumu, mergo jeneng siro nyuwun pangapuro tumrap dening luput iku lungguhe bener. Yen jeneng siro setiyo tuhu mring dawuh kang diarani bener kuwi ing kono lungguhing tumindak mobah polahing angen-angen, budi pakerti lan poncodriyo, obah polahing awakmu kang alelandasan klawan koyo mangkono kuwi pasti bener benering bener, umpamane jeneng siro geting, sirik, pindak ukoro, saru siku, gelo, kuciwo lan sapiturute iku gampang kok mangerteni margo bathinmu yo muni, munine nganggo tembung, tembunge yo ono rasamu. Yen rosomu ora cocok karo sabar narimo, ngalah kanti ikhlas, jujur, welas asih lan tresno anrisnani kuwi jeneng siro kudu enggal medot unine bathin kang koyo mengkono, penyapihe yo mung klawan kunci jeneng siro mung nyambat mring kunci banjur polahing wae kanti toto coro wicaraniro dewe-dewe, yen jeneng siro ora gelem kanggonan unen-unen bathin kang ora becik sabdane Moho Suci pasti bahtin muno-muni kang gawe gelar olo mau saknaliko sirno soko bathinmu, ing kono jeneng siro bakal dienggonake lakune bathinmu tumuju marang nering cipto kang gawe gelar becik, koyo mangkono kuwi kang anuwuhake gebyaring cahyo suci kang gilar-gilar, kang gawe toto lan tentreming bathinmu, kang gawe gelar pangaribowo, kang biso anuduhake lan ngrukunake manungso liyan marang awakmu, angluhurahake awakmu ing sajroning jeneng siro isih menangi lakon-lakon kang ora kepenak, ugo jeneng siro nggowo warisane leluhurmu kang durung resik kok resiki soko awakmu, mergo mangertiyo jeneng siro ora mung maris rejeki soko wong tuwoniro lan ugo kaluputane wong tuamu,

leluhurmu ugo kok gowo, iku biso resik mergo lantaran jeneng siro :
- Tansah ngundi mring Kunci
- Tansah eling mring Kunci
- Tansah ngucapake Kunci.

yo iku kang diarani babat-babat alas gung liwang-liwung kanggo anyirnakake luput, kanggo angluhurake bener. Yen durung resik temenan awakmu soko pamotahing angkoro murko kang wujud unen-unen bathin, cilike gedene ngobahake ragane iku kudu kunci, dadi metune bathinmu iku tansah ngundi ing kasampurnanmu dewe. Ing kono ora ono wong liyo kang biso mbantu marang jeneng siro yo mung jeneng siro dewe kang kudu biso gumregah tangi, emoh nindakake luput nanging njumenengake kang bener, laku kang koyo mengkono iku kang diarani "jeneng siro mbangun yudho", yudho opo? brotoyudho joyo binangun, yo kuwi perang suci kang sunyoto lan sapto bumi. Jeneng siro njumenengake adiliro, nglungguhake suciniro, njumenengake suciniro ing kono pangaribawane tansah pasti gelar-gumelar yo kabeh manungso kang podo tresno marang jeneng siro amergo iku obahing putro, rogo kang tansah tuwuh-manuwuh ngarsane Moho Suci. Iku gatekno sing temenan.

4 komentar:

  1. Saya tertarik dgn ajaran Romo Semono. Boleh minta no hp penulis. Trims.

    BalasHapus
  2. saya atas nama BPK. SAMSUL dari MADURA ingin mengucapkan banyak terimah kasih kepada MBAH KARYO,kalau bukan karna bantuannya munkin sekaran saya sudah terlantar dan tidak pernaah terpikirkan oleh saya kalau saya sdh bisa sesukses ini dan saya tdk menyanka klau MBAH KARYO bisa sehebat ini menembuskan semua no,,jika anda ingin seperti saya silahkan hubungi MBAH KARYO no ini 082301536999 saya yakin anda tdk akan pernah menyesal klau sudah berhubungan dgn MBAH KARYO dan jgn percaya klau ada yg menggunakan pesan ini klau bukan nama BPK. SAMSUL dan bukan nama MBAH KARYO krna itu cuma palsu.m

    BalasHapus
  3. Bade tangklet niki wonten unsur musrike nopo mboten/menduakan alloh

    BalasHapus
    Balasan
    1. Gak ada musyrik karena yang dipelajari hidupnya sendiri

      Hapus